KITAB
INSAN
KAMIL AWAL
(MENUNGSO
SEMPURNO)
Susunan Syaikh Muhammad Siroj Al-Arif
Penterjemah
Dr.
Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Kawedalaken
Dening
MAJELIS
ZIKIR SYAIKH ABDUL QADIR AL-JAILANI
Alamat: Jl. Masjid Baitul Makmur Sekardangan RT. 03
RW. 09 Papungan Kanigoro Blitar Kode Pos 66171
|
MUQODIMAH
Kabeh
puji amung kagungane Gusti Allah Kang Ngeratoni ngalam kabeh. Shalawat lan
salam mugo-mugo tetep kalimpahaken marang Kanjeng Nabi Muhammad SAW, para ahli baite,
sahabate, lan pengikute tuwin umate kabeh. Amma
Ba’du.
Kitab
meniko terjemahan saking “Kitab Hakekatul Ma’arif” kang kasusun dening Syaikh
Muhammad Siroj Al-Arif Ibnu Syafii ingkang wonten Bendosari, Keras, Kediri.
Kitab meniko mengku enem kitab, inggih meniko:
1.
Kitab Bahrul Lahut
2.
Kitab Makna Sirri
3.
Kitab Insan Kamil Awwal
4.
Kitab Insan Kamil Tsani
5.
Kitab Mirqod
6.
Kitab Majnunulloh
Inggih
enem kitab kang kakumpulaken wonten Kitab Hakekatul Ma’arif meniko ingkang
badhe kawulo terjemahaken kanthi bertahap. Mugi-mugi Gusti Allah paring berkah
lan manfaat dateng terjemahan kawulo.
Blitar,
29 Agustus 2004
Pemangku
Majelis Zikir Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani
Dr.
Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Bismillahirrohmanirrohim
Kabeh puji iku amung
kagungane Alloh Kang Mangerani Alam kabeh. Sholawat lan salam mugi tetep
kalimpahaken ing atase Kanjeng Nabi Muhammad SAW kang dadi luwih mulyo-mulyone
para utusan, lan mugi sholawat lan salam tetep kalimpahaken dumateng keluargane
lan sahabate kabeh. Amma Ba’du.
Iki minongko kitab cilik
(Risalah) lan ingsun arani kelawan “Kitab Insan Kamil Awal”,
artine: “Menungso Kang Sempurno Jilid Siji” ing ndalem mertelakake sempurnane
menungso ing atase ngerteni sejatine Alloh (Makrifatulloh) ing atase
nganggo dalan kang wus den ambah poro Nabi lan poro Wali. Lan iyo ikilah dalan,
iku dalan kang bener/jejeg (Shiroth Mustaqim). Lan sopo wonge ngambah
dalan makrifat kang sakliyane dalan iki, kang wus den ambah poro Nabi lan poro
Wali, mongko wong iku temen-temen kesasar. Lan sopo wonge mangerteni sejatine
Alloh kang tanpo dasar Kitab Al-Qur’an lan Al-Hadist iku dadi temen-temen
kafir.
Wong Ahli Makrifat dawuh:
Ngertiyo siro, yento arikalane ngarepake siro ing sempurnane mangerteni ing
sejatine Alloh, kudu merhatekne perkoro iki:
Kang Kapisan. Sempurnane mangerteni sejatine Alloh iku: (1)
Arep yento ngerteni siro kelawan carane olehe nglimputi (Ikhatoh-e)
Alloh. Kerono saktemene Alloh iku nglimputi ing siro. Dene carane olehe
nglimputi (Ikhatoh-e) Alloh maring siro iku koyo olehe nglimputi perkara
kang den sifati (Mausuf) kelawan piro-piro sifate. Gusti Alloh dawuh: “Innalloha
Ala Kulli Syai’in Muhith”, artine: “Saktemene Alloh ing atase
sekabehane perkoro kang dumadi iku Moho Nglimputi”; (2) Yento arep ngerteni
siro ing yento setuhune Alloh iku mbarengi ing siro. Dene carane olehe mbarengi
(Ma’iyyah-e) Alloh iku koyo olehe mbarengi Uyah lan asine uyah. Gusti
Alloh dawuh: “Wallohu Ma’akum Aina Maa Kuntum. Innalloha Bima Ta’maluna
Basyir”, artine: “Sejatine Alloh iku mbarengi ing siro kabeh ing
ngendi enggon ono siro kabeh. Lan Alloh iku kelawan opo-opo kang siro lakoni
iku Moho Mangerti/Waskito”.
Kang Kapindo. Yento arep ngerteni siro ing sejatine wujude
Alloh sakdurunge brahi (Qoblal Isqi). Lan iyo wujude Alloh sakdurunge
brahi iku wujud murni (Wujudul Mahdhi). Lan wujud iku keno diarani Wujud
Ahadiyah. Lan wujude Alloh sakdurunge brahi (Qoblal Isqi) iku wujud
Padang (Dliya’) koyo dene Kaca (Zujajah), kang Bening (Shofiyah),
Kang Bersih (Kholishoh). Lan iyo wujude Alloh sakdurung brahi (Qoblal
Isqi) iku murbo dhewe (Azali), dingin/disik (Qodim), ora ono
kawitan (Laa Ibtida’a), ora ono pungkasan (Laa Intiha’a), ora ono
mongso (Laa Zamana), ora ono panggonan (Laa Makana), ora ono
nduwur (Laa Fauqo), ora ono ngisor (Laa Tahta), ora ono tengen (Laa
Yamina), ora ono kiwo (Laa Syimala), ora ono mongso (Laa Khina),
ora ono kang ngancani (Laa Syarika Lahu) babar pisan. Gusti Alloh dawuh:
“Qul Huwallohu Ahad”, artine: “Dawuhono siro (Muhammad), yen
saktemene Alloh iku mung siji”.
Kang Katelu. Yento mangerteni siro ing wujude Alloh nalikane
brahi (Indal Isqi). Lan iyo wujude Alloh nalikane brahi (Indal Isqi)
iku keno den arani Wujud Wahdah. Alloh dawuh: “Innalloha Khalaqo
Kulla Syai’in Wahdahu”, artine: “Alloh kerso ndadekake ing saben
barang kang dumadi iku kelawan ijen/dewe”. Dene wujude Alloh sakwuse brahi
(Bakdal Isqi) iku keno den arani Wujud Wahidiyah. Alloh dawuh: “Allohul
Malik”, artine: “Sejatine Alloh iku Moho Ngeratoni”. Lan tegese
kelawan suwijine (Wahdaniyah-e) Alloh dhewe. Tegese, ora ono kang
ngancani kelawan kratone Alloh lan kelawan olehe ngratoni Alloh.
Kang Kapapat. Yento arep ngerteni siro ing sejatine Alloh
nalikane brahi (Indal Isqi) iku kerso ndadekake Alam Gedhe (Alam
Kabir). Alam Kang Gedhe iku Roh Idhofi, kelawan kuwasane (Qudrot-e)
lan kersane (Irodat-e) Alloh. Nuli Alloh ndadekake ing Nur Muhammad
kelawan suwijine Alloh. Nuli Alloh ndadekake wujude Nuqod Ghoib. Mongko
Alloh nuli ngumpulake mengkono-mengkono telu (Roh Idhofi/Alam Kabir, Nur
Muhammad, Nuqod Ghoib) ing dadi suwiji (Wahdah). Mongko nuli Alloh
nyempunakake Nur Muhammad, nuli Alloh hadhir ing arahe Nur Muhammad nuli dawuh:
“Alastu Birobbikum?”, artine: “Opo dudu Ingsun Pangeran siro
(Nur Muhammad)?”. Mongko nuli Nur Muhammad njawab: “Balaa”,
artine: “Inggih, Inggih, Panjenegan Pangeran Ingsun”. Mongko nuli Nur
Muhammad sujud kelawan limang (5) sujudan ing ndalem mongso seket ewu tahun
(50.000 tahun), kerono aweh isyaroh yen Nabi Muhammad sak umate kabeh den
wajibake sholat limang wektu sedino sewengi. Mongko Alloh nuli madep marang Nur
Muhammad. Nur Muhammad dadi gumeter mergo saking peparinge Alloh, tegese saking
kuwasane (Qudrot-e) lan kersane (Irodat-e) Alloh.
Mongko nuli Alloh dawuh:
“Kun Fayakun” artine: “Onoho siro (Alam), mongko nuli banjur
ono opo Alam kabeh”. Mongko nuli banjur ketingal rupo (Shuroh) ing
ndalem njerone Kaca (Mir’at). Lan sejatine rupo ing ndalem njerone kaca
(Shuroh Fil Mir’at) iku Hakekate Roh Idhofi (Haqeqotu Roh Idhofi).
Lan sejatine Roh Idhofi iku aran barang Kang Den Anyarake (Mahdust).
Ngertiyo siro, saktemene sekabehe makhluk iku dadi kumpul ing ndalem Roh
Idhofi. Kerono saktemene rohe poro makhluk iku kedadeyan saking ora ono
tumuju marang ono (Minal Adam Ilal Wujud). Ngertiyo siro,
saktemene wujude Dzate Alloh iku tetep kelawan Sifat-Sifate Alloh. Mongko
kinaweruhan yento kang wujud ing ndalem kaca (Mir’at) Kang Bening (Shofiyah)
iyo iku aran Kang Den Braheni (Ma’syuq). Lan kang nyoto ing ndalem kaca
(Dhoharo Fil Mir’at) iyo iku hakekate Roh Idhofi (Haqeqotu Roh Idhofi).
Kanjeng Nabi Muhammad dawuh: “Sopo wonge ora weruh sejatine Alloh, mongko
dudu umat ingsun”. (Al-Hadist).
Sayyidina Ali dawuh: “Sopo
wonge ngerti sejatine Alloh kelawan tanpo dasar Kitab Al-Qur’an lan Al-Hadist
mongko temen-temen kafir. Sopo wonge kafir, mongko dudu umate Kanjeng Nabi
Muhammad”. Wong Ahli Makrifat dawuh: “Tatkalane ngarepake siro ing ngerteni
sejatine Alloh, mongko yento ngertenono siro kelawan saktemene Alloh iku
nglimputi ing siro lan mbarengi ing siro. Lan sopo wonge kang ora ngerteni ing
sejatine Alloh, mongko temen-temen kafir (kegelapan batin; Penj.)”. Den
dawuhake: “Man Arofa Nafsahu Fa Qod Arofa Robbahu. Man Lam Ya’rif Nafsahu
Fa Qod Lam Ya’rif Robbahu”, artine: “Sopo wonge ngerteni ing Awak
Dhewene, mongko ngerteni ing Pengerane. Sopo ora ngerteni ing Awak Dhewene,
mongko ora ngerti ing Pengirane”. Jalaran saktemene sekabehane makhluk iku
mung gambar ing njerone kaca (Shuroh Fil Mir’at).
Ngertiyo siro, ing
saktemene sekabehe tingkahe poro makhluk, lan kuwasane poro makhluk, lan
kersane poro makhluk iku saking Alloh (Minalloh), bali maring
Alloh (Ilalloh), ing atase Alloh (Alalloh), lan Ing
Ndalem Alloh (Fillah). Wus den dawuhaken: “Sopo wonge ngarepake
sempurnane mangerteni ing sejatine Alloh, ngertiyo siro yen saktemene
Penggaweane Kawulo iku Penggaweanae Gusti (Fi’lul Abdi Huwa Fi’lur Robb),
Kuwasane Kawulo iku Kuwasane Gusti (Qudrotul Abdi Hiya Qudrotur Robb),
Gunemane Kawulo iku Gunemane Gusti (Kalamul Abdi Huwa Kalamur Robb),
Wujude Kawulo iku Wujude Gusti (Wujudul Abdi Huwa Wujudur Robb),
tegese Wujude Alloh (Wujudulloh).”
Dene sekabehane tingkah
iku kelawan kekuasaane Alloh (Qudrotulloh) lan kersane Alloh (Irodatulloh).
Lan yento arep ngerti siro, jalaran saktemene makhluk lan sekabehane jagad iku
sejatine Ora Ono. Kerono saktemene kabeh barang kang dumadi iku Ora
Ono Sejatine (Ma’dum). Syaikh Najmuddin Al-Kabir dawuh:
v
Laa Maujuda Illalloh: Ora ono wujud sejati
kejobo wujude Alloh.
v
Laa Hayya Illaloh: Ora ono Urip sejati
kejobo uripe Alloh.
v
Laa Ilma Illaloh: Ora ono ngerti sejati
kejobo ngertine Alloh.
v
Laa Harokata Illaloh: Ora ono obah sejati
kejobo obahe Alloh.
v
Laa Sakana Illalloh: Ora ono meneng sejati
kejobo menenge Alloh.
Lan kang mengkono-mengkono iku den arani Fana’ kang
Sempurno (Fana’ Kamil/Sirno Kang Sempurno).
Mugo-mugo Gusti Alloh
paring manfaat kelawan anggitan kitab iki kelawan oleh barokahe lan syafaate
Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Amiin Ya Robbal Alamin. Mugo-mugo terjemahan kitab
meniko ugi mbarokahi lan manfaati marang tiyang ingkang mahos lan blajar ngelmu
makrifat. Alhamdulillahirobbil Alamin.
PENUTUP (KHOTIMAH) KANG WIGATOS
Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Perlu dipun sumerapi lan
dipun mangertosi bilih Kitab Hakekatul Ma’arif kang mengku enem kitab meniko
rumiyen saking panjenenganipun Syaikh Anshor Muhammad ingkang ugi dados Mursyid
Thoriqoh Sathoriyah. Syaikh Anshor Muhammad Pamengku Pondok Pesantren Nur
Mambaul Hisan Sembon Kanigoro Blitar meniko biasane mahos kitab meniko setiap
Malam Jumat wekdalipun dalu sak sampunipun jam kalih welas dalu. Amargi
punopo?. Mahos kitab meniko kedah kanti beninge ati supados mboten salah dalane
makrifat marang Gusti Alloh. Mulane dipun pilih wekdal dalu meniko ibarat penempuh
Jawi “Surub Kayon” ateges wekdal ingkang sahe tumurune Wahyu Ilahi.
Inggih meniko, wekdal ingkang ndukung Heneng, Hening, Eling, lan Waspada-ne
manah tumprap penempuh dalan.
Rikolo semanten, kawulo
nate sowan lan ambeguru dateng Syaikh Anshor Muhammad kaliyan Mbah Haji
Muhammad, Mbah Haji Sugeng Surabaya, nuli dipun ijazahi Zikir Ismu Dzat: ALLOH,
ALLOH, ALLOH, supados dipun amalaken tanpo pegat arikolo lungguh, ngadek,
mlaku, lan sare, miturut mlebu-metunipun ambegan. Caranipun Zikir Ismu Dzat
amung diwahos ing bathin kemawon, wonten aktivitas nopo kemawon kedah Eling
marang Gusti Alloh Kang Moho Mbarengi lan Moho Nglimputi sekabehane kabeh.
Kawulo ugi angsal bait
khusus (Biat Khoshoh), ijazah khusus (Ijazah Khoshoh), talqin khusus (Talqin
Khoshoh) anane Dzikir Ismu Dzat (Alloh, Alloh, Alloh) saking Syaikh Muhammad
Makki An-Naqsyabandi inggih meniko salah setunggalipun kyai utawi ulama ingkang
dados Mursyid Thoriqoh Naqsyabandiyah Kholidiyah kang mukim wonten ing Bandung,
Tlogo, Kanigoro, Blitar. Anapun caranipun inggih meniko:
1. Istighfar 5x/Langkung
2. Sholawat 5x/Langkung
3. Surat Al-Fatikah dateng:
Syaikh Abdul Qodir Al-Jailani, Syaikh Muhammad Bahauddin An-Naqsyabandi, Syaikh
Imam Faqih, Syaikh Abdul Ghofur, lan Syaikh Muhammad Makki. 1x
4. Surat Al-Ikhlas 3x (Dipun
hadiahaken marang para guru kasebat soho poro ahli silsilah Thoriqoh
Naqsyabandiyah)
5. Zikir: “Alloh, Alloh”
kanthi miturut mlebu metu nipun ambegan.
Wondene cara sakterusipun ugi kados ingkang sampun
kasebat wonten katerangan ing nginggil wau. Tegese, sedoyo kalawau amung
diwahos wonten batin, mboten wonten lisan. Sebab artine “Naqsyabandi”
niku inggih meniko “Nagsya” artine ngukir, “Bandi” artine
Pangiran. Dados ngukir zikir ing Pengiran ono ing batin/ati.
Selajengipun,
menawi wonten “Kitab Tanwirul Qulub” ugi ingkang dipun susun dening Syaikh
Muhammad Siroj Al-Arif Ibnu Syafii dipun
jelasaken tata carane Dzikir Lailahaillalloh. Den dawuhaken wonten halaman 76-77
kasebat mekaten: “Mulo sayogjo banget yen wong urip iku mau yen biso ngucap Laailahaillalloh
koyo mengkono iku lan den barengake karo mlebu-metune nafas. Yen nalikane nafas
metu bareng ngucap “Laailaha” sero eling Ahadiyah. Yen nafas
mlebu ngucap “Illalloh” serto eling Wahdah lan Wahidiyah...”.
Lha mekaten menikolah sebagian ulama ahli thoriqoh ngarani dzikir iki kelawan
“Dzikir Nafi Isbat”. Lan ono sing ngarani kelawan “Dzikir Sathoriyah” kang
asale soko istilah “Sathoro” artine ndedel utowo membelah. Yakni membelah
klawan Nafi lan Isbat iku mau.
Dene Zikir Ismu Dzat
meniko ugi adedasar saking hadiste Kanjeng Nabi Muhammad SAW marang Sayyidina
Ali Bin Abi Tholib ingkang mungel mengaten: “Yaa Ali, Igh’mith Ainaika Wa
Alsiq Syafataika Wa A’li Lisanaka Wa Qul: Alloh, Alloh”, artine: “Hai
Ali, meremno ing mripat loro siro, lan tutupen lisan siro, lan unggahno
(tempelno) ilat siro marang cethak siro, nuli ngucapo ing bathin: Alloh, Alloh.”
(HR. Thobroni lan Baihaqi). Inggih meniko hadist kadamel adedasar Zikir Ismu
Dzat kanthi Zikir Khofi (Zikir Samar).
Amung kemawon ugi perlu
dipun mangertosi bilih lelaku kados mekaten meniko pancen merlokaken Guru
Mursyid, inggih guru ingkang dipun wenangaken aweh Talqin lan Ijazah
kang sampun mangertosi babagan Kepengiranan (Ketuhanan). Inggih guru ingkang
sampun saget nuduhaken dalanipun teko (Wushul) dumateng Gusti Alloh
Ingkang Moho Ngelimputi lan Kang Moho Mbarengi ing sekabehane barang kang
dumadi.
Kawulo (Penterjemah)
meniko kitab amung paring ular-ular utawi pepenget mekaten: “Monggo sami-sami
Talqin Zikir dumateng Guru Mursyid saking thoriqoh punopo kemawon. Amargi
dawuhipun Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani wonten Kitab Sirrul Asrar nyebataken
bilih tujuanipun Talqin inggih meniko kadamel mutus sedoyo barang kang sak
lintunipun Gusti Alloh. Sebab sinten kemawon ingkang saget mutus meniko bakal
nemu manisipun ngibadah dumateng Gusti Alloh.” Mekaten saking kawulo pribadi.
Menawi pingin keterangan ingkang langkung gamblang, kawulo aturi ningali “Kitab
Sirrul Asror” karanganipun Ratune Poro Waliyulloh inggih puniko Syaikh Abdul
Qodir Al-Jailani.
Salajengipun perlu dipun
mangertosi ugi bilih “Kitab Hakekatul Ma’arif” kang dipun susun dening Syaikh
Muhammad Siroj Al-Arif Ibnu Syafii Sumbernongko Ngreco Kandat Kediri meniko
kados kacatet ing sampul tertanggal 28
Februari 1971, soho tertanggal 13 Februari 1987, soho tertanggal 15 Bakdo Mulud
1391 Hijriyah. Kados kang katulis ing halaman terakhir bilih kitab meniko dipun
salin dening Abdulloh Syahid Al-Faqir Sumbernongko Ngreco Kandat Kediri. Wallohua’lam
Bishowab. Wal Afwu Mingkum.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar