Rabu, 02 Oktober 2019

KITAB MAKNA SIRRI


KITAB
MAKNA SIRRI
(KAHANAN RASA ING BATHIN)
 Susunan Syaikh Muhammad Siroj Al-Arif


Penterjemah
Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.



Kawedalaken Dening
MAJELIS ZIKIR SYAIKH ABDUL QADIR AL-JAILANI
Alamat: Jl. Masjid Baitul Makmur Sekardangan RT. 03 RW. 09 Papungan Kanigoro Blitar Kode Pos 66171



 
 
MUQODIMAH
Kabeh puji amung kagungane Gusti Allah Kang Ngeratoni ngalam kabeh. Shalawat lan salam mugo-mugo tetep kalimpahaken marang Kanjeng Nabi Muhammad SAW, para ahli baite, sahabate, lan pengikute tuwin umate kabeh. Amma Ba’du.
Kitab meniko terjemahan saking “Kitab Hakekatul Ma’arif” kang kasusun dening Syaikh Muhammad Siroj Al-Arif Ibnu Syafii ingkang wonten Bendosari, Keras, Kediri. Kitab meniko mengku enem kitab, inggih meniko:
1.   Kitab Bahrul Lahut
2.   Kitab Makna Sirri
3.   Kitab Insan Kamil Awwal
4.   Kitab Insan Kamil Tsani
5.   Kitab Mirqod
6.   Kitab Majnunulloh
Inggih enem kitab kang kakumpulaken wonten Kitab Hakekatul Ma’arif meniko ingkang badhe kawulo terjemahaken kanthi bertahap. Mugi-mugi Gusti Allah paring berkah lan manfaat dateng terjemahan kawulo.
Blitar, 29 Agustus 2004
Pemangku Majelis Zikir Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani

Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Bismillahirrohmanirrohim

Kabeh puji iku amung kagungane Alloh Kang Mangerani Alam kabeh. Sholawat lan salam mugi tetep kalimpahaken ing atase Kanjeng Nabi Muhammad SAW kang dadi luwih mulyo-mulyone para utusan, lan mugi sholawat lan salam tetep kalimpahaken dumateng keluargane lan sahabate kabeh. Amma Ba’du.
Iki minongko kitab cilik (Risalah) lan ingsun arani kelawan “Kitab Makna Sirri” ing ndalem mertelakake carane makrifat marang Gusti Alloh ing atase dalan kang wus den ambah para Nabi lan para Wali. Lan iyo ikilah dalan, iyo dalan kang bener/jejeg (Shiroth Mustaqim). Lan sopo wonge ngambah liyane dalan iki, kang wus den lakoni para Nabi lan para Wali, mongko wong iku kesasar, tegese luput carane makrifat.
Hai eling-eling Wongkang Podo Bronto marang dalane makrifat ing sejatine Alloh, ngertiyo siro setuhune Alloh iku mbarengi ing siro kabeh (Innalloha Ma’akum) lan setuhune Alloh iku nglimputi ing siro kabeh (Innalloha Muhithun Bikum). Dene olehe carane mbarengi Alloh ing siro iku koyo olehe mbarengi uyah lan asine, kelawan sekirane ora pisah opo uyah lan asine babar pisan. Dene dalil kang nuduhake kelawan carane olehe mbarengi (Ma’iyyah-e) Alloh ing siro iku dawuhe Alloh Ing Al-Qur’an: “Wallohu Ma’akum Aina Maa Kuntum”, artine: “Sejatine Alloh iku mbarengi ing siro kabeh ing ngendi enggon ono sopo siro kabeh”. Dene carane olehe nglimputi (Ikhathoh-e) Alloh iku koyo olehe nglimputi perkoro Kang Den Sifati (Mausuf) kelawan Sifate, lan koyo olehe nglimputi Segoro kelawan Ombak-e, kelawan sekirane ora biso dibedakake sebab bangete olehe nglimputi Gusti Alloh marang siro. Lamun olehe nglimputi Alloh iku den kiro-kiroake wenang dibedakake, mongko ora ono jeneng Alloh iku Moho Nglimputi.
Ahli Ilmune Gusti Alloh dawuh: Sejatine kawulo iku mung koyo umpamane Iwak, lan sejatine Alloh iku koyo umpamane Segoro. Malah-malah, Iwak iku ora ketingal ing ndalem Segoro, kejobo amung Segoro-ne kang ketingal. Lan mengkono-mengkono iku isyaroh kelawan carane olehe nglimputi Alloh marang sekabehane Alam kabeh, sekiro wujude Alam iku ora biso ketingal, balik kang ketingal iku amung wujude Alloh bloko. Wong Ahli Makrifat ing Sejatine Alloh dawuh: Luwih utamane Iman ing sejatine Alloh iku:
1.   Yento ngerteni siro yen sejatine Alloh iku mbarengi ing siro. Kerono dawuhe Alloh ing Al-Qur’an: “Wallohu Ma’akum Ainama Kuntum. Wallohu Ta’maluna Basyir”, artine: “Sejatine Alloh iku mbarengi ing siro kabeh ing ngendi enggon siro kabeh. Lan sejatine Alloh iku ngerti marang barang-barang kang siro lakoni kabeh”.
2.   Yento ngerteni siro yen Alloh iku nglimputi ing siro lan nglimputi ing sekabehane barang kang dumadi. Kerono dawuhe Alloh ing Al-Qur’an: “Innalloha Ala Kulli Syai’in Muhith”, artine: “Sejatine Alloh ing atase saben-saben barang kang dumadi iku Moho Nglimputi”. Tegese, sejatine Alloh iku nglimputi ing atase sekabehane barang kang dumadi.
Wong Ahli Makrifat Kang Sampurno dawuh: Ngertiyo siro, saktemene Alloh iku nglimputi ing siro lan saktemene Alloh iku mbarengi ing siro kelawan langgeng (Daim) ing ndalem sekabehane tingkah siro ing ndalem dunyo lan akhirot. Dene lamun ditakoni siro: “Piye carane Alloh iku nglimputi kelawan sekabehane barang dumadi lan ugo olehe mbarengi sekabehane barang kang dumadi?. Padahal Alloh iku ora keno diserupakake ing suwiji-wiji (Laitsa Kamistlihi Syai’un)?” Mongko njawabo siro: “Iyo, yen saktemene Alloh iku ora keno diserupak ake ing suwiji-wiji. Mongko sopo wonge iktikade ora koyo mengkono iku mau, mongko temen-temen kafir lan kesasar dalane makrifat marang sejatine Alloh. Kerono saktemene mengkono-mengkono (Gusti Alloh ora keno den serupakake ing suwiji-wiji) iku dadi asale Iktikad (Ashlul I’tiqod), asale Iman (Ashlul Iman), asale Makrifat (Ashlul Makrifat) ing sejatine Alloh.”
Lan iktikad kang koyo mengkono kasebut, arepo yento ngerteni siro kelawan carane olehe nglimputi (Ikhatoh-e) Alloh marang sekabehane makhluk. Lan yento arepo ngerteni siro kelawan olehe mbarengi (Ma’iyah-e) Alloh marang sekabehane makhluk. Lan mengkono iku Asale Iman (Ashlul Iman). Lan iktikad siro “Laitsa Kamislihi Syai’un” (Tegese; Gusti Alloh ora keno den serupakake suwiji-wiji) iku jalaran carane olehe nglimputi (Ikhatoh-e) Alloh marang sekabehane barang kang dumadi, lan carane olehe mbarengi (Ma’iyyah-e) Alloh marang barang kang dumadi iku ora podo karo olehe mbarengi barang kang dumadi sertane barang kang dumadi kang weneh.
Ngertiyo siro, saktemene wajib kanggo wong-wong kang makrifat sempurno kang nduweni akal (Al-Arif Al-Kamil Al-Aqil) arep yento lumaku ing atase dalane makrifat marang sejatine Alloh kang bener. Yoiku, kang dhohire dalan iku nglakoni Syareat, lan bathine dalan iku nglakoni Hakekat. Lan iyo ikilah dalane Kanjeng Nabi Muhammad SAW lan Panjenegane diperintah Alloh ngajak umat menungso ngambah dalan iku mau. Sopo wonge cecekelan utowo tetanggenan kelawan dalane Kanjeng Nabi Muhammad SAW, mongko temen-temen biso teko (Wushul) maring ngaweruhi sejatine Alloh. Lan anane wong iku dadi Ahli Surgo. Lan sopo wonge ngambah dalan liyane dalane Kanjeng Nabi Muhammad SAW, mongko tumibo ing kesasar (Dholal) saking dalane makrifat ing sejatine Alloh kang bener. Lan anane wong iku dadi Ahli Neroko Jahanam.
Lan kerono arahe penjelasan kang wus kasebut ing nduwur, nuli wong Ahli Makrifat dawuh: “Sekabehe syareat kang tanpo nganggo hakekat iku kosong (Athilah). Lan sekabehe hakekat kang ora nganggo syareat iku rusak (Bathilah)”. Mongko wajib kanggone wong yento ngumpulake karo-karone (Syareat lan Hakekat) kerono saktemene mengkono iku dadi sempurnane makrifat.
Ono dawuh maneh: “Sopo wonge nganggo Ilmu Fikih nanging ora nganggo Ilmu Tasawuf, mongko temen-temen Fasik/Rusak. Lan sopo wonge nganggo Ilmu Tasawuf nanging ora nganggo Ilmu Fikih, mongko temen-temen dadi Kafir Zindik/Ahli Kebatinan bloko”. Iyo Kafir Zindik yoiku wongkang gegondelan Bathin, nanging ora gegondelan Dhohir. Mengkono iku podone wong kang ora biso mbedakake antarane Penggawene Kawulo lan Penggawene Gusti, lan ora biso mbedakake antarane Halal lan Harom. Jalaran nekodake ing Bathin yen kabeh kuwi Penggaweane Alloh (Fi’lulloh), lan kersane (Irodat-e) Alloh bloko. Mongko wongkang mengkono iku diarani wong kafir kang nyoto. (Catetan Penterjemah: Kafir iku wongkang isih kotor akal budine. Yen nemu istilah “Kafir” ing ndalem kitab iki, kudu tansah eling “Syair Tanpo Waton” sing intine kudu nggoleki utowo nggatekne Kafire Dhewe, dudu nggoleki/nggatekne Kafire Liyane). Dene sopo wonge nganggo Ilmu Tasawuf lan Ilmu Fikih, mongko temen-temen bener carane makrifat.
Syaikh Junaidi Al-Bagdadi dawuh: “Thoriqoh utowo Dalan-ku iki dalan Tasawuf kang den kuwati kelawan Kitab Al-Qur’an lan Al-Hadist”. Syaikh Muhammad Ibnu Fadlulloh dawuh: Sopo wonge ngarepake teko (Wushul) marang sejatine Gusti Alloh, mongko netepono marang manut Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing ndalem Dhohir lan Bathin, ing ndalem Amal lan Ilmu-ne. Sebab Kanjeng Nabi Muhammad SAW iku luwih sempurnane makhluk lan luwih utamane makhluk. Lan ngibadahe Kanjeng Nabi Muhammad SAW iku luwih sempurno. Lan ojo mamang, yen saktemene Kang Den Enut (Math’buk) iku luwih utomo tinimbang Kang Manut (Tabik). Lan luwih utamane ngamal iku yento dilakoni kanthi Ikhlas. Jalaran setuhune para Nabi, poro Wong Ahli Makrifat, lan poro Wong Sholeh, iku amale podho Ikhlas marang sejatine Alloh, ora kerono dunya, lan ora kerono Akhirot.
Dene iktikade wong ahli makrifat kang sempurno (Al-Arif Al-Kamil) iku yento ora nduweni ngerti babar pisan kejobo Alloh dhewe kang nduweni ngerti. Kerono saktemene wongkang makrifat kang sempurno (Al-Arif Al-Kamil) iku ora weruh utowo ningali ing suwiji-wiji, kejobo ningaline mung ing Alloh. Jalaran wong makrifat kang sempurno (Al-Arif Al-Kamil) iku wus Fana’ (Sirno) ing ndalem sejatine Alloh lan wus Baqo’ (Tetep) ing ndalem sejatine Alloh. Mongko dadi ono sekabehe perkoro iku:
Billah          : Kelawan Qudrat & Irodate Alloh
Fillah                   : Ing ndalem Qudrat & Irodate Alloh
Alalloh        : Ing atase Qudrat & Irodate Alloh
Indalloh      : Mungguhe Qudrat & Irodate Alloh
Ma’alloh     : Mbarengi Qudrat & Irodate Alloh
Minalloh     : Saking Qudrat & Irodate Alloh
Ilalloh         : Bali marang Qudrat & Irodate Alloh
Sebab Alloh iku Dzat Kang Ngawiti sekabehane barang kang dumadi lan Dzat kang Mungkasi sekabehane barang kang dumadi. Lan dadi wong ahli makrifat kang sempurno (Al-Arif Al-Kamil) iku yento dhohire iku Dhohire Alloh, kelawan sekirane dheweke nduweni budi pekerti (Akhlak) kelawan budi pekertine (Akhlak-e) Alloh. Lan nduwe penggawean iyo kelawan penggaweane Alloh. Lan nduwe bathin iyo kelawan tetep kelawan sejatine iku Bathine Alloh, saking sekirane kabeh perkoro iku kabeh Saking Alloh (Minalloh) lan bakal bali Marang Alloh (Ilalloh).
Ngertiyo siro, saktemene Kawulo iku ngenggoni ing Panggonane Jasad (Manzilatul Jasad), dene Alloh iku ngenggoni ing Panggonane Roh (Manzilatur Roh). Tegese ngertiyo siro, saktemene sekabehe Penggawene Kawulo (Fi’lul Abdi) mungguh Dhohire iku mengku kelawan penggawene Kawulo Dhewe. Lan mungguh sejatine saktemene kabeh perkoro iku ora liyo mung metu songko Kuasane Pengiran (Qudrotur Rabb). Lan Kuasane Pengiran (Qudrotur Robb), Kersane Pengiran (Irodarur Robb), Kang Gawe (Fa’il), Kang Den Gawe (Maf’ul), lan sekabehe penggawe iku kabeh mung Alloh Dhewe. Alloh iku Dhohir Bathin, Awwal Akhir, lan iyo Alloh iku kang ngumpulake ing atase Lelawanan Loro, kerono suwiji-wiji iku ora iso mbandingi ing Alloh (Laitsa Kamislihi Syai’un).
Sayyidina Ali dawuh: “Semut iku ora biso obah kejobo kelawan izine Alloh”. Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh: “Sopo wonge ngerti ing Awake Dhewe, mongko temen-temen ngerti ing Pengirane. Sopo wonge ngerti ing Pengirane, mongko temen-temen bodho ing Awak Dhewene. Sopo wonge bodho ing Awake Dhewe, mongko temen-temen bodho ing Pengirane. Sopo wonge ora ngerteni ing Awak Dhewene, mongko temen-temen ora ngerteni ing Pengirane. Sopo wonge ora ngerteni ing Pengirane, mongko temen-temen Kafir”. (Dulur, ningalono siro ing Catetan Penterjemah ing halaman 7 (Pitu), ojo gampang ngafirne liyane, kudu nggoleki kafire dewe. Wonten Syair Tanpo Waton kasebut: “Kafire dhewe nggak digatekne, yen isih kotor akal budine.”).
Mongko ngertiyo siro, saktemene sekabehe kang wus kasebut iku mung isyaroh lan tepo tulodo. Mongko saktemene ora bakal ngerteni ing Rasa Sejati Kang Edi (Sirrun Nafis) kejobo mung wongkang keparingan pitulung (Inayah/Taufiq) saking Alloh, lan wongkang den trisnani Alloh (Mahbubulloh). Lan saktemene Rasa Sejati ne (Sirri-ne) wong iku mau iyo Rasa Sejati-ne (Sirri-ne) Alloh. Koyo dawuhe Alloh: “Al-Insanu Sirrii Wa Ana Sirruhu Wa Mahbubuhu”, artine: “Menungso iku Rasa Sejati Ingsun, lan Ingsun iku Rasa Sejatine Menungsa lan kang den tresnanine menungso”.
Wal Khasil, saktemene kabeh barang kang dumadi iku sejatine Kenyataane Alloh Kang Haq (Dhohirul Haq) kang pertela. Dene sifate Alloh iku ora ono kang mbandingi ing suwiji-wiji (Laitsa Kamistlihi Syai’un). Dene nyatane sifate Alloh iku nyatane kabeh barang kang dumadi kabeh. Dene kabeh barang kang dumadi iku sejatine Dudu Dzat lan Dudu Liyane Dzat (Laa Hiya Dzat Wa Laa Ghoiruhu). Mongko netepono siro ing Bingung (Tahayyur) ing maqom/tingkatan iki. Kang aran Bingung (Tahayyur) iyo ikulah jeneng mangerteni (Makrifat-i) ing sejatine Alloh. Kerono arahe iki, Kanjeng Nabi dawuh ing ndalem munajate: “Allohumma Zidnii Tahayyuro”, artine: “Duh Gusti Alloh, kulo aturi nambahi kebingunan Tuan ing kawulo”.
Kang den karepake kelawan menungso kang sempurno (Insan Kamil) ing ndalem dhawuhe Alloh “Al-Insanu Sirri” (Menungso iku Rasa Sejati Ingsun) ing ndalem setengahe piro-piro Rasa iyo iku manungso kang sampurno (Insan Kamil), dudu manungso kang kurang (Insan Naqis). Manungso kang kurang (Insan Naqis) yoiku sejatine manungso kewan kelawan nganggo rupone menungso. Manungso kang sempurno (Insan Kamil) iku menungso kang ora tau lali (Ghoflah) marang Gusti Alloh ing ndalem atine, tansah langgeng olehe Eling, koyo-koyo sejatine Alloh iku wujud ing ndalem atine wongkang makrifat, kelawan sekirane saktemene Wong Ahli Makrifat iku ngerteni ing sejatine Alloh lan ora lali saking Alloh. Mongko nuli sejatine Alloh Kang Haq iku dadi Rasa Sejatine kawulo kuwi mau, kelawan angen-angen kang den khususne. Mongko wongkang iku mau ngerti ing sejatine Alloh kelawan Kahanan Welas Asih (Ainur Rohmah) lan Kahanan Kabegjan/Kebahagiaan (Ainus Sa’adah), lan wong iku ngrekso ing ndalem sekabehe perkorone lan wolak-walike tingkahe atine. Mongko kawulo mau dadi tepo tulodo saktemene Dheweke dadi Rasa Sejatine Alloh (Sirrulloh) saking piro-piro Rasa Sejatine (Asror-e) Alloh.
Pepiling (Tambih): Lamun ngarepake siro ing dadi Ahline Alloh kang ngerteni sejatine Alloh (Ahlulloh Al-Arif Billah), mongko: (1) Ketungkulo siro maring mengkono-mengkono Eling carane olehe mbarengi (Ma’iyyah-e) Alloh kang wus kasebut; (2) Ketungkulo siro maring mengkono mengkono Eling olehe carane nglimputi (Ikhatoh-e) Alloh kang wus kasebut, kelawan sekirane ora ninggal ing loro-lorone (Ma’iyyah lan Ikhatoh) kelawan babar pisan. Lamun wong iku ninggalake ing loro-lorone (Maiyyah lan Ikhatoh), mongko wong iku dudu jeneng wongkang ngerti sejatine Alloh kang sampurno. Jalaran saktemene wong kang weruh sejatine Alloh kang sempurno (Al-Arif Al-Kamil) iku yento biso ngumpulake antarane ketungkul loro (yakni: Ma’iyyah lan Ikhatoh).
Ngertiyo siro, saktemene pengertiane ngerti/weruh ing sejatine Alloh (Makrifat Billah) iku arepo yento ngerteni siro ing carane olehe nglimputi (Ikhatoh-e) Alloh lan carane olehe mbarengi (Ma’iyyah-e) Alloh. Kerono saktemene ngerteni kelawan carane olehe mbarengi (Ma’iyyah-e) Alloh iku dadi Ibune Makrifat marang Alloh (Ummul Makrifat Billah). Lan saktemene ngerteni olehe carane nglimputi (Ikhatoh-e) Alloh iku dadi Bapake Makrifat marang Alloh (Abul Makrifat Billah).
Ngertiyo siro, tatkalane ngarepake siro ing ngerteni kelawan parek-e utowo cedek-e Alloh (Qurbillah), iku yento arep ngerteni siro kelawan olehe nglimputi (Ikhatoh-e) Alloh lan olehe mbarengi (Ma’iyyah-e) Alloh. Sopo wonge ora ngerteni ing olehe carane nglimputi (Ikhatoh-e) Alloh lan olehe mbarengi (Ma’iyyah-e) Alloh, mongko wong iku temen-temen ora ngerteni cedek-e utowo parek-e Alloh. Padahal saktemene Alloh iku parek utowo cedek marang siro. Wong Ahli Makrifat dawuh: Piro-piro sebab uripe atine wongkang ngerti ing sejatine Alloh iku yento kelawan lantaran ketungkul loro-lorone (yakni: ing Ma’iyyah lan Ikhatoh). Mongko nuli ngerteni yen saktemene Alloh iku Luwih Parek utowo Luwih Cedek marang wong-wong ahli makrifat tinimbang karo otot gulu iring (Aqrobu Ilaihim Min Hablil Warid).
Syaikh Ahmad Bin Athoillah As-Sakandari dawuh: Ngertiyo siro kelawan parek-e utowo cedek-e Alloh iku kelawan lantaran olehe nyekseni/ngerteni siro yen saktemene Alloh iku mbarengi ing siro lan nglimputi ing siro, ing ndalem dunyo lan akherot, kelawan sekirane ora biso mbedakake utowo misahake siro babar pisan. Balik sejatine Alloh iku mbarengi ing siro (Allohu Ma’aka) lan nglimputi ing siro (Mukhitun Bika) saking sakdurunge wujud siro. Dene sempurnane kabegjane/kebahagiaane (Sa’adah-e) kawulo kang ngambah dalane makrifat iku yento ora nggantungake atine ing sakliyane Gusti Alloh. Lamun ora mengkono, mongko wong iku terhijab utowo kaling-kalingan (Mahjub) lan adoh (Ba’id) saking Alloh. Mongko wong iku ora dadi wongkang sampurno, lan ora biso tetemu (Wushul) marang Alloh. Mongko atine wong ahli tasawuf kang ngerteni sejatine Alloh iku ora nggantungake atine ing sakliyane Pengirane, ugo ono ing dunyo lan ing akherot.
Mongko kerono arahe mengkono-mengkono kasebut ing nduwur kabeh, setengahe piro-piro wongkang ngerti sejatine Alloh dawuh: “Dunyo iku harom kanggo Ahli Akherot. Lan Akherot iku harom kanggo Ahli Dunyo. Lan karo-karone (Dunyo lan Akherot) iku harom kanggone Ahline Alloh (Ahlulloh)”. Lan setengahe Wong Ahli Makrifat dawuh: “Ahli dunyo iku diladeni karo wongkang podo ngawulo. Ahli akherot iku den ladeni karo wong-wong kang merdeko lan wong-wong kang gedhe kabeh. Ahli Gusti Alloh diladeni karo piro-piro Ratu lan piro-piro Sulthon”.
Mugo-mugo Gusti Alloh tansah ngapuro marang kulo lan sedoyo umat Islam lanang lan wadon, wong-wong iman lanang lan wadon, kang isih urip lan kang wus mati. Amiin. Wus tamat terjemahipun Kitab Makna Sirri, mugo-mugo Gusti Alloh paring berkah lan manfaat dumateng terjemahan puniko. Soho mugo-mugo terjemahan kitab puniko saget ndadosaken beninge manah ingkang kadamel manembah marang Gusti Alloh Kang Moho Murah. Alhamdulillahi Robbil Alamin.
PENUTUP (KHOTIMAH) KANG WIGATOS
Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Perlu dipun sumerapi lan dipun mangertosi bilih Kitab Hakekatul Ma’arif kang mengku enem kitab meniko rumiyen saking panjenenganipun Syaikh Anshor Muhammad ingkang ugi dados Mursyid Thoriqoh Sathoriyah. Syaikh Anshor Muhammad Pamengku Pondok Pesantren Nur Mambaul Hisan Sembon Kanigoro Blitar meniko biasane mahos kitab meniko setiap Malam Jumat wekdalipun dalu sak sampunipun jam kalih welas dalu. Amargi punopo?. Mahos kitab meniko kedah kanti beninge ati supados mboten salah dalane makrifat marang Gusti Alloh. Mulane dipun pilih wekdal dalu meniko ibarat penempuh Jawi “Surub Kayon” ateges wekdal ingkang sahe tumurune Wahyu Ilahi. Inggih meniko, wekdal ingkang ndukung Heneng, Hening, Eling, lan Waspada-ne manah tumprap penempuh dalan.
Rikolo semanten, kawulo nate sowan lan ambeguru dateng Syaikh Anshor Muhammad kaliyan Mbah Haji Muhammad, Mbah Haji Sugeng Surabaya, nuli dipun ijazahi Zikir Ismu Dzat: ALLOH, ALLOH, ALLOH, supados dipun amalaken tanpo pegat arikolo lungguh, ngadek, mlaku, lan sare, miturut mlebu-metunipun ambegan. Caranipun Zikir Ismu Dzat amung diwahos ing bathin kemawon, wonten aktivitas nopo kemawon kedah Eling marang Gusti Alloh Kang Moho Mbarengi lan Moho Nglimputi sekabehane kabeh.
Dene Zikir Ismu Dzat meniko ugi adedasar saking hadiste Kanjeng Nabi Muhammad SAW marang Sayyidina Ali Bin Abi Tholib ingkang mungel mengaten: “Yaa Ali, Igh’mith Ainaika Wa Alsiq Syafataika Wa A’li Lisanaka Wa Qul: Alloh, Alloh”, artine: “Hai Ali, meremno ing mripat loro siro, lan tutupen lisan siro, lan unggahno (tempelno) ilat siro marang cethak siro, nuli ngucapo ing bathin: Alloh, Alloh.” (HR. Thobroni lan Baihaqi). Inggih meniko hadist kadamel adedasar Zikir Ismu Dzat kanthi Zikir Khofi (Zikir Samar).
Amung kemawon ugi perlu dipun mangertosi bilih lelaku kados mekaten meniko pancen merlokaken Guru Mursyid, inggih guru ingkang dipun wenangaken aweh Talqin lan Ijazah kang sampun mangertosi babagan Kepengiranan (Ketuhanan). Inggih guru ingkang sampun saget nuduhaken dalanipun teko (Wushul) dumateng Gusti Alloh Ingkang Moho Ngelimputi lan Kang Moho Mbarengi ing sekabehane barang kang dumadi.
Kawulo (Penterjemah) meniko kitab amung paring ular-ular utawi pepenget mekaten: “Monggo sami-sami Talqin Zikir dumateng Guru Mursyid saking thoriqoh punopo kemawon. Amargi dawuhipun Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani wonten Kitab Sirrul Asrar nyebataken bilih tujuanipun Talqin inggih meniko kadamel mutus sedoyo barang kang sak lintunipun Gusti Alloh. Sebab sinten kemawon ingkang saget mutus meniko bakal nemu manisipun ngibadah dumateng Gusti Alloh.” Mekaten saking kawulo pribadi. Wallohua’lam Bishowab.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar