KITAB
MAJNUNULLOH
(GANDRUNG
ING ALLOH)
Susunan Syaikh Muhammad Siroj Al-Arif
Penterjemah
Dr.
Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Kawedalaken
Dening
MAJELIS
ZIKIR SYAIKH ABDUL QADIR AL-JAILANI
Alamat: Jl. Masjid Baitul Makmur Sekardangan RT. 03
RW. 09 Papungan Kanigoro Blitar Kode Pos 66171
|
MUQODIMAH
Kabeh
puji amung kagungane Gusti Allah Kang Ngeratoni ngalam kabeh. Shalawat lan
salam mugo-mugo tetep kalimpahaken marang Kanjeng Nabi Muhammad SAW, para ahli baite,
sahabate, lan pengikute tuwin umate kabeh. Amma
Ba’du.
Kitab
meniko terjemahan saking “Kitab Hakekatul Ma’arif” kang kasusun dening Syaikh
Muhammad Siroj Al-Arif Ibnu Syafii ingkang wonten Bendosari, Keras, Kediri.
Kitab meniko mengku enem kitab, inggih meniko:
1.
Kitab Bahrul Lahut
2.
Kitab Makna Sirri
3.
Kitab Insan Kamil Awwal
4.
Kitab Insan Kamil Tsani
5.
Kitab Mirqod
6.
Kitab Majnunulloh
Inggih
enem kitab kang kakumpulaken wonten Kitab Hakekatul Ma’arif meniko ingkang
badhe kawulo terjemahaken kanthi bertahap. Mugi-mugi Gusti Allah paring berkah
lan manfaat dateng terjemahan kawulo.
Blitar,
29 Agustus 2004
Pemangku
Majelis Zikir Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani
Dr.
Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Bismillahirrohmanirrohim
Kabeh puji amung
kagungane Alloh Kang Moho Ngawiti, Kang Moho Mungkasi, Kang Nduweni Arsy, Kang
Moho Agung, Kang Moho Akeh Penggawene marang barang kang den kersaake. Sholawat
lan salam mugo-mugo tetep kalimpahaken ing atase Kanjeng Nabi Muhammad SAW, Kang
Nglahirake Ing kalimah Iman, Tauhid, lan Makrifat. Amma Ba’du.
Puniko kitab den arani “Kitab
Majnunulloh” artine Gandrung Ing Alloh. Tegese, kitab meniko mertelakake
gandrung utowo edan marang Alloh mergo saking olehe demen marang Gusti Alloh.
Wong gandrung ing Gusti Alloh, ing ngendi enggon sing disebut mung Gusti Alloh,
sing dielingi mung Gusti Alloh, sing diweruhi mung Gusti Alloh. Pokok kabeh iku
sing ono mung Gusti Alloh.
Ngertiyo siro kabeh,
saktemene kang aran Fana’ (Sirno) iku ono telu (3), yoiku:
1. Fana’ Dzat (Sirnone
Dzat)
2. Fana’ Sifat (Sirnone
Sifat)
3. Fana’ Af’al (Sirnone
Penggawe)
Kang
Sepisan, Fana’ Dzat (Sirnone Dzat) iku ora ono wujud sejati kejobo
Gusti Alloh (Laa Maujuda Illalloh). Kang Kapindo, Fana’
Sifat (Sirnone Sifat) iku ora ono urip (Laa Hayya), ora ono ilmu
(Laa Ilma), ora ono kekuatan (Laa Quwwata) kejobo kelawan kersane
Alloh Kang Moho Agung lan Moho Luhur. Katelu, Fana’ Af’al (Sirnane
Penggawe) iku ora ono Sing Gawe kejobo Gusti Alloh (Laa Fa’ila
Illalloh).
Kanjeng Nabi Muhammad
dawuh: “Sopo wonge ngerti sejatine Awake Dhewe, mongko temen-temen ngerti
sejatine Pengirane. Sopo wonge ngerti sejatine Pengirane, mongko temen-temen
ngerti bodhone Awake Dhewe”. Lan den ngendikaake: “Sopo wonge nyebut
asmane Alloh nanging ora eling ing sejatine Alloh, mongko temen-temen Kafir.
Sopo wonge eling sejatine Alloh nanging ora nyebut asmane Alloh, mongko
temen-temen Munafik. Sopo wonge nyebut asmane Alloh lan rumongso Nduwe Eling
ing sejatine Alloh, mongko temen-temen Musyrik. Sopo wonge ngerti sejatine
Alloh kelawan sejatine makrifat, mongko temen-temen aran Mukmin Sejati. Sopo
wonge kang wus ora rumongso ora nyebut ing Alloh lan rumongso ora eling ing
Alloh, mongko wong iku aran Mukmin Kang Makrifat saking saben-saben makrifat”.
Wus den dawuhake: “Ngudi
mangerteni Roh iku koyo ngudi mangerteni ing Pangeran. Dene kang den karepake
hakikat iku ora ono pisah ing antarane Roh lan Pengiran”. Syaikh Mahmud
dawuh: “Wongkang rumongso biso nglakoni sholat iku wongkang pisah kang adoh,
koyo pisahe wong-wong kafir saking surgo. Dene wongkang wus rumongso ora biso
sholat, iyo ikulah wongkang luwih luhur”. Wong Ahli Angen-Angen (Ahli
Nadhor) dawuh: “Wongkang wus ora rumongso nduweni/nglakoni sholat iku
fardhu banget koyo fardhune perintah olehe nglakoni sholat. Artine, ora
rumongso biso nglakoni sholat kang bongso lahir lan bathin, amung kejono kerono
nikmate angen-angen marang sejatine Alloh. Dene sempurnane sholat iku yento ora
rumongso angen-angen sholat lan ora rumongso angen-angen marang sejatine Alloh”.
Wong ahli bronto marang
Alloh dawuh: “Wongkang rumongso nduwe sholat iku wongkang kaling-kalingan
utowo terhijab saking Alloh kanthi nyoto. Kerono saktemene nyatakake sejatine
Alloh iku kudu kelawan akal. Kerono saktemene akal iku iyo sejatine Roh”. Syaikh Hasan Al-Basri dawuh: “Sholat,
zakat, poso, kaji iku koyo umpamane perabot/alat lan braholo. Sholat iku wajib
kang den wektu-wektu. Lan wektune sholat iku enteng lan terkadang biso merkoleh
ganjaran”.
Sayyidina Umar dawuh: “Sholat
(tempuke utowo tetemune Kawulo lan Gusti) iku dadi dalane ngerteni marang
sejatine Alloh. Jalaran saktemene dalane mangerti ing sejatine Alloh iku kudu
kanti Ati Sing Slamet Kang Bersih (Qolbin Salim Shofi). Kerono saktemene
bersihe ati iku dadi Cahyone Dzat (Nurudzat) lan Cahyone Sifat
(Nurussifat)”. Sayyidina Abu Bakar dawuh: “Saktemene kang aran
sholat iku ninggalake kabeh jasad”. Sayyidina Ali dawuh: “Kang aran
sholat iku kudu ninggal opo wae kang sakliyane sholat”. Tegese, sejatine
wongkang karep sejatine Alloh iku kudu ninggal sakliyane Alloh. Lan Alloh
dawuh: “Wa Li Kulli Wijhatun Huwa Muwalliha”, artine: “Lan ing
endi-endi saben arah, mongko bakal merkoleh”. Alloh dawuh: “Wadzkur
Robbaka Idza Nasaita”, artine: “Elingo siro ing Pengiran siro tatkalane
lali siro”. Lan dawuh: “Tinggalo siro ing awak siro, saktemene Ingsun
mbarengi ing siro (Utruk Nafsaka Wa Ana Ma’aka).
Wong Ahli Fana’ (Ahli
Sirno) dawuh: “Takbirotul Ihrom iku yento njunjung siro ing tangan loro
siro, halih mbeneri pundak siro loro. Lan elingo, sejatine Alloh iku kang
njunjung ing kabeh makhluk. Lan yento arep nyekel siro ing tangan loro siro
maring arah-arah nduwure wudel siro lan ngisore dada siro. Lan iyo Alloh iku
nyekel saking Dzate Dhewe. Lan Ahli Fana’ (Ahli Sirno) iku nyirnakake saking
awake dhewe”. Syaikh Najmuddin Al-Kabir dawuh: Kang aran sholat iku arep
yento ono patang (4) perkoro. Dene sempurnane sholat iku yento ono limang (5)
perkoro, yoiku:
1. Wudlu
2. Niat
3. Ikhlas
4. Makrifat
5. Ora rumongso makrifat
Sejatine Alloh iku wus nyucekake (Sabbaha) lan
lagi nyucekake (Yusabbihu) Awak Dhewene. Kerono saktemene kang aran
sholat iku ora kanthi lantaran makhluk. Sejatine Alloh dhewe kang sholat”.
Koyo
dawuhe sebagian guru (Ba’dul Masyayikh): “Sejatine kawulo iku Gusti.
Lan sejatine Gusti iku Kawulo. Yakni, tatkalane kawulo iku Fana’ (Sirno),
mongko wujude kawulo iku ora ono. Lan kawulo iku iyo ora ngerti wujude Pangeran”.
Setengahe Ahli Fana’ (Ahli Sirno) dawuh: “Tatkalane kawulo iku sirno (Fana’)
saking piro-piro sifate (kawulo), mongko banjur deweke nemu ing Baqo’ (Tetepe
Pengiran) kelawan sempurno. Lan sopo wonge tumeko (Wushul) ing iki
tingkatan/maqom, mongko wujude Alloh iku ora ono ing ndalem dhohir lan bathin.
Balik wujude kawulo iku wujude Alloh. Pangandikane kawulo iku pangandikane
Alloh. Penggawene kawulo iku penggawene Alloh. Ngono iku, halih lali ing
angen-angen kelawan demene kawulo ing ndalem ati. Ora jeneng Fana’ (Sirno) iku
kelawan njumenengake perkoro loro”.
Koyo
olehe dawuh Syaikh Abu Yazid Al-Bustomi: “Sopo wonge ngarepake ing mlebu ing
ndalem Ilmu Kang Gedhe, iku den serupakake koyo iwak ing ndalem segoro. Mongko
naliko iwak iku manggon ing ndalem segoro, mongko iwak iku ora ketingal saking
Dzate, anging sing ketoro iku Segarane”. Koyo dawuhe Alloh: “An
Tubaddilakum Wa Tansakum Bi Maa Ta’malun”, artine: “Arep yento
ngganti siro kabeh lan arep yento lali siro kabeh kelawan barang kang nglakoni
siro kabeh”. Tegese, Alloh iku wus nyucekake (Sabbaha), lan lagi
nyucekake (Yusabbihu) ing sejatine awak dhewene, koyo barang kang wus
disucekake wong-wong mukmin. Koyo-koyo saktemene siro iku mung gambar.
Saktemene Alloh iku kelawan muji ing suwijine Alloh dhewe, demene Alloh dewe,
lan kersane Alloh dewe.
Jalaran,
saktemene sejatine Alloh iku wus nyucekakae (Sabbaha) lan lagi nyucekakae
(Yusabbihu) ing awak dhewene, lan ngelem ing awak dhewene, kelawan
nyatane wae liwat Lisane Kawulo. Tegese, sirnane Kawulo ing ndalem sirnane
Alloh. Tegese, arep yento wong iku nyirnakake ing wujud loro. Yakni, ora jeneng
Fana’ (Sirno) kerono njumenengake Kawulo lan Gusti. Lan ora ngumpulake,
lan ora misahake, lan Kawulo iku dadi ing Pengiran, lan Pengiran iku dadi ing
Kawulo. Lan tertemtu ingkang akhir. Lan mungguhe Ahli Iman: “Badane ahli
iman, Atine ahli iman, Rohe ahli iman, Rasa Sejatine ahli iman, sekabehane
kabeh, iku murbo mesisane (Azaliyyah-e) Alloh bloko, lan saking kersane
(Irodah-e) Alloh bloko. Saktemene semut iku ora biso obah kejobo saking
kersane Alloh dewe. Kerono saktemene Alloh iku Dzat Kang Murbo Mesiso (Qohir)
ing sekabehane makhluk kabeh”.
Sakteme
jasad iku ora biso obah kejobo saking obahe Urip (Roh). Contone koyo
dene kayu iku ora biso obah kejobo saking bangete goncange angin. Kang den
karepake Roh iku nyimpen marang kuwasane (Qudrat-e) Alloh. Tegese kang
den karepake iku saktemene sekabehane barang kang dumadi iku ora biso obah
kejobo kelawan kuwasane (Qudrat-e) Alloh mungguh sejatine. Dene conto
kang den rupakake obahe kayu iku nyimpen maring ditrimane Imane kawulo. Lan
mungguh Ahli Tauhid: Dzat wujude kawulo iku ora ono. Badane kawulo, atine
kawulo, Roh-e kawulo, Rasa Sejatine kawulo, iku kabeh ora ono (Ma’dum).
Lan Ahli tauhid iku ora ningali maring makhluk, lan ora ningali maring sejatine
Alloh, kejobo Alloh Dhewe kelawan bloko. Lan tinggalo siro ing Indad
(Utruk Al-Indad). Kang den karepake “Indad” iku
ninggalake khabare Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kejobo anane mung seneng
angen-angen marang sejatine Alloh. Ojo noleh siro marang makhluk babar pisan.
Lan mungguh Ahli Makrifat, sejatine wujude Kawulo iku ora ono (Ma’dum),
ugo badane, Atine, Roh-e, lan Rasa Sejatine kawulo, kudu ora angen-angen marang
sekabehane kabeh, lan ora rumongso nduwe angen-angen maring sejatine Alloh.
Ngene iki koyo dawuhe Syaikh Mansur Al-Hallaj.
Syaikh
Madzfur Al-Qurosi dawuh: “Sejatine Syaikh Madzfur iku ora nduwe hajat kejobo
maring Alloh”, kerono katerangan ing Al-Qur’an yento wong kang karep ing
Alloh iku wus sampurno saking hajat kang weneh. Mongko tatkalane wongkang karep
maring sejatine Alloh (Al-Faqir Ilalloh) iku wus sampurno, mongko ora
ono wong iku kejobo “Aku/Ingsun”. Syaikh Abul Abbas Al-Qusyoiri dawuh: “Wongkang
karep maring sejatine Alloh iku ora karep donya lan akhirot. Kerono saktemene
wujude Dzate wongkang karep maring sejatine Alloh lan barang kang dumadi iku
sejatine ora ono (Ma’dum), kejobo angen-angene mung maring sejatine Alloh”.
Lan
den dawuhake: “Dunyo iku harom kanggo wong ahli akhirot. Lan akherot iku
harom kanggo ahli dunyo. Lan loro-lorone (dunyo lan akherot) iku harom kanggo
ahline Gusti Alloh (Ahlulloh)”. Syaikh Zahid dawuh: “Kang aran wong
mukmin yoiku wong sing ngerti penggaweane Nafsune, sifate Nafsune, dzate
Nafsune, lan penggaweane Atine, sifate Atine, dzate Atine, lan penggaweane
Roh-e, sifate Roh-e, dzate Roh-e”.
Nafsu
1. Penggaweane Nafsu: narik
marang penggawe olo
2. Sifate Nafsu: ora ngerti
ing sejatine Alloh
3. Dzate Nafsu: nyegah
saking perintahe Alloh
Ati
1. Pengaweane Ati: nglakoni
ing piro-piro keapikan
2. Sifate Ati: weruh ing
sejatine Alloh
3. Dzate Ati: madep manteb
marang Alloh
Roh
1. Penggaweane Roh:
miturut/anteng (tumakninah) marang sejatine Alloh
2. Sifate Roh:
ningali/ngerti ing sejatine Alloh
3. Dzate Roh: nyirnakake
marang sejatine Alloh (Fana’ Ilalloh)
Nabi Muhammad SAW dawuh: “Perkoro
dunyo iku bathang. Lan wongkang karep marang dunyo iku koyo dene asu”. Lan
Nabi Muhammad SAW dawuh: “Tinggal dunyo iku dadi sirahe piro-piro ibadah.
Lan seneng dunyo iku dadi sirahe piro-piro keluputan”. Nabi Muhammad SAW
dawuh: “Wong gandrung dunyo iku mati sakdurunge mati”. Syaikh Abu Yazid
Al-Bustomi Ratune wong ahli makrifat lan ratune wong ahli topo dawuh: “Abu
Yazid iku wongkang karep ing sejatine Alloh. Abu Yazid iku sejatine Alloh”.
Koyo dawuhe Kyai Syair iki: “Nyegaho siro marang karepe howo nepse. Mongko
lamun arikalane angen-angen siro ing sejatine Alloh, mongko ngeningno cipto
siro. Mongko ojo nduweni siro ing lisan lan ing mata”. Kerono arahe iki,
Nabi Muhammad SAW dawuh: “Sopo wonge ngerti sejatine Alloh, mongko ketutup
lisane”.
Riwayate Sayyidina Umar
yento Panjenengane ngerti ing sejatine Alloh kelawan Atine. Sebab atine
Sayyidina Umar iku bersih (Shofi) jalaran olehe dzikir, ibadah,
lan taat. Lan zikir ing Gusti Alloh iku temen-temen wujud ing ndalem
sekabehe polah tingkahe kawulo. Kerono dawuhe Alloh: “Wadzkur Robbaka Fi
Qolbika Wa Fi Nafsika Tadhorruan Wa Hufyah”, artine: “Elingo siro
ing Pengiran siro, ing ndalem ati siro lan ing ndalem pertingkah awak siro
kelawan deple-deple lan andhap asor”. Yen mengkono, Alloh bakal mbukak ati
siro kelawan piro-piro Ilmu lan Rasa Sejati (Asror) sebab lantaran
berkahe zikir.
Syaikh Salabi dawuh: “Kakbah
iku kiblate wong Islam. Kursi iku kiblate wong-wongkang Parek Alloh. Pengiran
iku kiblate wong-wongkang Ahli Makrifat. Arsy iku kiblate wong-wongkang Takwa.
Lan atine wong-wong Ahli Makrifat iku dadi kiblate Pengiran Kang Ngratoni Alam.
Tegese, panggonan angen-angene Pengiran Sing Ngratoni Alam kabeh”. Den
dawuhakae: “Ono limo (5) perkoro sifate poro wali (Shifatul Auliya):
(1) Ora wedi fekir; (2) Ora wedi dicoba kelawan loro; (3) Ora wedi luwe; (4)
Ora wedi ing piro-piro makhluk; (5) Ora wedi mati”.
Den dawuhake: “Ono
limo (5) perkoro saking golongane kang dosa gedhe: (1) Mateni wong mukmin; (2)
Nganingoyo marang mukmin; (3) Zino muhson kelawan ngucapake/bi iqrorin; (4)
Mangan bondo ribo; (5) Nyegah zakat”. Den dawuhake: “Ono limo (5)
perkoro saking tetengere wong kumprung: (1) Mbukak wudele ing ngarepe wong; (2)
Nggambar manungso; (3) Nggoleki cacate liyan; (4) Ngekehahe rengeng-rengeng
(lagon-lagon); (5) Ngekehake ngguyu latah-latah (jegagakan)”.
Nabi Muhammad SAW dawuh: “Dosane
ati iku luwih medeni timbang ulo kang ora biso tumeko ing menungsa”. Den
dawuhake: “Metu-o siro saking piro-piro jisim. Mongko nuli metu-o saking
Roh, perintah, lan hukum, supoyo biso tetemu siro ing sejatine Alloh”.
Syaikh Darwis dawuh: “Wongkang gandrung ing Alloh iku sejatine Alloh dewe”.
Syaikh Shoihah dawuh: “Wongkang gandrung ing Alloh iku ora liyo kejobo
saking Alloh”. Syaikh Diwan dawuh: “Wongkang gandrung ing sejatine Alloh
iku ora ono Alloh lan ora ono makhluk”.
Syaikh Najmuddin Al-Kabir
dawuh: “...Iku koyo geni (panas/Nar) lan banyu (Ma’). Loro-lorone campur
kerono njumenengaken maring wedang. Lan wedang iku dudu Geni lan dudu Banyu.
Tetapine, Wedang iku hukume banyu milang-milang kautamane Banyu. Dene
sekabehane alam iku koyo hukume Geni/Panas, kelawan milang-milang apese
Geni/Panas”.
Syaikh Najmuddin Al-Kabir
dawuh: “Dawuh ingsun, saktemene wongkang gandrung ing sejatine Alloh iku
koyo wongkang ngrungu Bledeg, ora angen-angen ing sekabehane makhluk suwiji,
lan ora angen-angen ing sejatine Alloh”. Syaikh Darwis dawuh: “Wongkang
gandrung ing sejatine Alloh iku Atine, Rohe, lan Rasa Sejatine iku kabeh Sejatine
Alloh”. Syaikh Shoihah dawuh: “Hakekate wongkang gandrung ing sejatine
Alloh iku, Atine lan Rasa Sejatine iku dudu Alloh lan dudu Kawulo”. Tegese,
ora angen-angen ing atine dewe lan ora angen-angen marang Sejatine Alloh.
Syaikh Diwan dawuh: “Wongkang
gandrung ing sejatine Alloh iku ora ono awak, lan ora ono ati kanggone, lan ora
ono Pengiran keduwene”. Tegese, ora angen-angen ing awak dewene, ora
angen-angen ing opo kang ono ing njerone atine, ora angen-angen ing Rohe, ora
angen-angen ing Pengirane. Syaikh Najmuddin Al-Kabir dawuh: “Dawuh-dawuh
kabeh kang kasebut iku perumpama ane Fana’ (Sirno). Lan ora angen-angen ing
lorone (Kawulo lan Gusti) kerono wus Fana’ (Sirno). Koyo upamane manuk ing
ndalem Guwo. Naliko metune manuk saking Guwo ora bisa ningali ing Srengenge,
mergo saking bangete padange Srengenge”.
Syaikh Ibnu Abbas dawuh:
“Wongkang gandrung ing sejatine Alloh iku wus ora nduwe kuwoso keduwene ing
ndalem sekabehe tingkah polahe, kejobo kabeh mau mung murbo mesiso-ne
(Azaliyah-e) Alloh lan kuwasane (Qudrat-e) Alloh.” Syaikh Maulana Magribi
dawuh: “Wongkang gandrung ing sejatine Alloh iku ora tetep (La Baqo’a)
angen-angene ing awak dewene, kejobo mung angen-angen ing sejatine Alloh”.
Syaikh Ibnu Husain dawuh:
“Wongkang gandrung ing sejatine Alloh iku ora ono sholat lan poso. Tegese
iku ora ono sholat lan poso keduwene kejobo kabeh iku Alloh”. Syaikh Hasan
Al-Basri dawuh: “Setuhene sholat lan poso iku koyo upamane perabot/alat lan
braholo. Dene sempurnane sholat iku lamun tho bisa Sirno (Fana’) opo sholat,
lan Sirno (Fana’) opo makrifate, koyo olehe wongkang gandrung ing sejatine
Alloh. Dene sempurnane sholat iku lamun wongkang gandrung sejatine Alloh iku
wus ilang lan tetepe Alloh (Baqo’ulloh). Kerono setuhune Alloh iku mbraheni ing
Dzate dewe, lan Dzat Kang mbraheni ing Dzate dewe, lan Dzat Kang Den Braheni
Dzate dewe”.
Syaikh Darwis dawuh: “Wongkang
gandrung ing sejatine Alloh iku Rasa Sejatine (Sirruhu) koyo wujude dhewe”.
Syaikh Shoihah dawuh: “Sejatine wongkang gandrung sejatine Alloh iku kersane
(Irodat-e) Alloh, kerono nglahirake kebrahenane (Li Tadzhiri Isyqihi)”.
Syaikh Diwan dawuh: “Wongkang gandrung ing sejatine Alloh iku ngrasa
saktemene Alloh iku Luwih Parek/Cedek, sehinggo ora ono aling-aling (Hijab)
babar pisan marang sejatine Alloh”.
Syaikh Ibnu Tholib dawuh:
“Wongkang gandrung ing sejatine Alloh iku kudu bersih Atine lan Rohe,
sehinggo dadi nyoto (Tajalli) opo Rasa Sejatine (Sirri-ne) tetemu ing Alloh”.
Syaikh Husain Ibnul Abbas dawuh: “Wongkang gandrung ing sejatine Alloh iku
atine mabur ing awang-awang, Rohe dadi nyoto (Tajalli), Rasane (Sirri-ne)
tetemu ing Sejatine Alloh, Kang ora pisah (Laa Firoqo), ora kathik mlebu (Laa
Dukhula), ora kathik metu (Laa Khuruja)”.
Syaikh Diwan dawuh: “Wongkang
gandrung ing sejatine Alloh iku ora kuwat kejobo kuwate Alloh, ora urip kejobo
uripe Alloh”. Syaikh Najmuddin Al-Kabir dawuh: “Wongkang gandrung ing
sejatine Alloh iku ora milih ing kabecikan kejobo Alloh”. Syaikh
Majnunulloh dawuh: “Sopo wonge bronto ing Alloh, mongko ora ningali
sakliyane saking Alloh kelawan ngrasa seneng mikir-mikir ing sejatine Alloh”.
Syaikh Najmuddin Al-Kabir dawuh: “Sopo wonge ngarepake gandrung ing sejatine
Alloh, arepo yento ono sopo dheweke iki suci Atine lan Rohe (Thohirul Qolbi
Wa Ruh), mongko wong iku dadi wongkang gandrung ing sejatine Alloh. Lan
wong sing ora suci atine lan rohe iku dadi wongkang gandrung ing kewan. Lan
kewan iku mung butuh mangan lan ngombe. Dene wongkang gandrung ing Alloh iku
ora pegot-pegot ing nglatih howo nepsune lan atine, lan tansah angen-angen ing
ndalem wektu awan lan bengi kelawan langgenge angen-angen maring Sejatine
Alloh. Lan iyo ngene iki kang den arane Sholat Daim (Ajeg Sholate)”.
Syaikh Majnunulloh sampun
dawuh: “Sopo wonge ngarepake ing gandrung ing sejatine Alloh, kudu
merhatekake perkoro ing ngisor iki:
1.
Guru kang bener
2.
Penerangan guru kang
sempurno
3.
Nglatih howo nepsune
(Riyadloh)
4.
Nyepi (Uzlah) kelawan
ngeker nepsune
5.
Nglanggengake
angen-angen ing sejatine Alloh (Dawamun Nadhori Ilalloh)
Mongko
yen nglakoni mengkono iku, wong iku bakal dadi wongkang gandrung ing Alloh
(Majnunulloh)”.
Rampung
terjemahan kitab meniko. Kulo nyuwun ing Gusti Alloh Kang Moho Mulyo mugi-mugi
paring manfaat lan barokah dateng kitab meniko. Mugi-mugi Gusti Alloh ngijabahi
nopo ingkang dados tujuan kito sedoyo. Duh Gusti Alloh, mugi Panjenengan
ndadosaken kulo tiyang ingkang Gandrung dumateng Panjenengan, kados olehe
Gandrung poro wali-wali (Auliya) kekasih Panjenengan dumateng
Panjenengan.
Duh
Gusti Alloh, Panjenengan kumpulne kulo bareng sertane poro tiyang ingkang
gandrung dumateng Panjenengan, saking golongane Poro Nabi, Poro Rasul, Poro
Auliya (Wali-wali), Poro Wongkang Akeh Taubate (Tawwabin), Poro
Wongkang akeh brontone (Muhibbin), Poro Wongkang ngerti Sejatine
Panjenengan (Arifin), Poro Tiyang-tiyang Bagus (Sholihin lan Muhsinin).
Amin, amin, amin, Ya Robbal Alamin. []
PENUTUP (KHOTIMAH) KANG WIGATOS
Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Perlu dipun sumerapi lan
dipun mangertosi bilih Kitab Hakekatul Ma’arif kang mengku enem kitab meniko
rumiyen saking panjenenganipun Syaikh Anshor Muhammad ingkang ugi dados Mursyid
Thoriqoh Sathoriyah. Syaikh Anshor Muhammad Pamengku Pondok Pesantren Nur
Mambaul Hisan Sembon Kanigoro Blitar meniko biasane mahos kitab meniko setiap
Malam Jumat wekdalipun dalu sak sampunipun jam kalih welas dalu. Amargi
punopo?. Mahos kitab meniko kedah kanti beninge ati supados mboten salah dalane
makrifat marang Gusti Alloh. Mulane dipun pilih wekdal dalu meniko ibarat
penempuh Jawi “Surub Kayon” ateges wekdal ingkang sahe tumurune Wahyu
Ilahi. Inggih meniko, wekdal ingkang ndukung Heneng, Hening, Eling, lan Waspada-ne
manah tumprap penempuh dalan.
Rikolo semanten, kawulo
nate sowan lan ambeguru dateng Syaikh Anshor Muhammad kaliyan Mbah Haji
Muhammad, Mbah Haji Sugeng Surabaya, nuli dipun ijazahi Zikir Ismu Dzat: ALLOH,
ALLOH, ALLOH, supados dipun amalaken tanpo pegat arikolo lungguh, ngadek,
mlaku, lan sare, miturut mlebu-metunipun ambegan. Caranipun Zikir Ismu Dzat
amung diwahos ing bathin kemawon, wonten aktivitas nopo kemawon kedah Eling
marang Gusti Alloh Kang Moho Mbarengi lan Moho Nglimputi sekabehane kabeh.
Kawulo ugi angsal Baiat Khusus
(Baiat Khoshoh), ijazah khusus (Ijazah Khoshoh), Talqin Khusus (Talqin
Khoshoh) anane Dzikir Ismu Dzat (Alloh, Alloh, Alloh) saking
Syaikh Muhammad Makki An-Naqsyabandi inggih meniko salah setunggalipun kyai
utawi ulama ingkang dados Mursyid Thoriqoh Naqsyabandiyah Kholidiyah kang mukim
wonten ing Bandung, Tlogo, Kanigoro, Blitar. Anapun caranipun inggih meniko:
1. Istighfar 5x/Langkung
2. Sholawat 5x/Langkung
3. Surat Al-Fatikah dateng:
Syaikh Abdul Qodir Al-Jailani, Syaikh Muhammad Bahauddin An-Naqsyabandi, Syaikh
Imam Faqih, Syaikh Abdul Ghofur, lan Syaikh Muhammad Makki. 1x
4. Surat Al-Ikhlas 3x (Dipun
hadiahaken marang para guru kasebat soho poro ahli silsilah Thoriqoh
Naqsyabandiyah)
5. Zikir: “Alloh, Alloh”
kanthi miturut mlebu metu nipun ambegan.
Wondene cara sakterusipun ugi kados ingkang sampun
kasebat wonten katerangan ing nginggil wau. Tegese, sedoyo kalawau amung
diwahos wonten batin, mboten wonten lisan. Sebab artine “Naqsyabandi”
niku inggih meniko “Nagsya” artine ngukir, “Bandi” artine
Pangiran. Dados ngukir zikir ing Pengiran ono ing batin/ati.
Selajengipun,
menawi wonten “Kitab Tanwirul Qulub” ugi ingkang dipun susun dening Syaikh
Muhammad Siroj Al-Arif Ibnu Syafii dipun
jelasaken tata carane Dzikir Lailahaillalloh. Den dawuhaken wonten halaman
76-77 kasebat mekaten: “Mulo sayogjo banget yen wong urip iku mau yen biso
ngucap Laailahaillalloh koyo mengkono iku lan den barengake karo
mlebu-metune nafas. Yen nalikane nafas metu bareng ngucap “Laailaha”
sero eling Ahadiyah. Yen nafas mlebu ngucap “Illalloh”
serto eling Wahdah lan Wahidiyah...”. Lha mekaten menikolah
sebagian ulama ahli thoriqoh ngarani dzikir iki kelawan “Dzikir Nafi Isbat”.
Lan ono sing ngarani kelawan “Dzikir Sathoriyah” kang asale soko istilah
“Sathoro” artine ndedel utowo membelah. Yakni membelah klawan Nafi lan Isbat
iku mau.
Dene Zikir Ismu Dzat
meniko ugi adedasar saking hadiste Kanjeng Nabi Muhammad SAW marang Sayyidina
Ali Bin Abi Tholib ingkang mungel mengaten: “Yaa Ali, Igh’mith Ainaika Wa
Alsiq Syafataika Wa A’li Lisanaka Wa Qul: Alloh, Alloh”, artine: “Hai
Ali, meremno ing mripat loro siro, lan tutupen lisan siro, lan unggahno
(tempelno) ilat siro marang cethak siro, nuli ngucapo ing bathin: Alloh, Alloh.”
(HR. Thobroni lan Baihaqi). Inggih meniko hadist kadamel adedasar Zikir Ismu
Dzat kanthi Zikir Khofi (Zikir Samar).
Amung kemawon ugi perlu
dipun mangertosi bilih lelaku kados mekaten meniko pancen merlokaken Guru
Mursyid, inggih guru ingkang dipun wenangaken aweh Talqin lan Ijazah
kang sampun mangertosi babagan Kepengiranan (Ketuhanan). Inggih guru ingkang
sampun saget nuduhaken dalanipun teko (Wushul) dumateng Gusti Alloh
Ingkang Moho Ngelimputi lan Kang Moho Mbarengi ing sekabehane barang kang
dumadi.
Kawulo (Penterjemah)
meniko kitab amung paring ular-ular utawi pepenget mekaten: “Monggo sami-sami
Talqin Zikir dumateng Guru Mursyid saking thoriqoh punopo kemawon. Amargi
dawuhipun Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani wonten Kitab Sirrul Asrar nyebataken
bilih tujuanipun Talqin inggih meniko kadamel mutus sedoyo barang kang sak
lintunipun Gusti Alloh. Sebab sinten kemawon ingkang saget mutus meniko bakal
nemu manisipun ngibadah dumateng Gusti Alloh.” Mekaten saking kawulo
pribadi. Menawi pingin keterangan ingkang langkung gamblang, kawulo aturi
ningali “Kitab Sirrul Asror” karanganipun Ratune Poro Waliyulloh inggih puniko
Syaikh Abdul Qodir Al-Jailani.
Salajengipun perlu dipun
mangertosi ugi bilih “Kitab Hakekatul Ma’arif” kang dipun susun dening Syaikh
Muhammad Siroj Al-Arif Ibnu Syafii Sumbernongko Ngreco Kandat Kediri meniko
kados kacatet ing sampul tertanggal 28
Februari 1971, soho tertanggal 13 Februari 1987, soho tertanggal 15 Bakdo Mulud
1391 Hijriyah. Kados kang katulis ing halaman terakhir bilih kitab meniko dipun
salin dening Abdulloh Syahid Al-Faqir Sumbernongko Ngreco Kandat Kediri. Wallohua’lam
Bishowab. Wal Afwu Mingkum.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar