Rabu, 02 Oktober 2019

KITAB BAHRUL LAHUT


KITAB
BAHRUL LAHUT
(SEGORONE KAPENGIRANAN)
 Susunan Syaikh Muhammad Siroj Al-Arif


Penterjemah
Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.



Kawedalaken Dening
MAJELIS ZIKIR SYAIKH ABDUL QADIR AL-JAILANI
Alamat: Jl. Masjid Baitul Makmur Sekardangan RT. 03 RW. 09 Papungan Kanigoro Blitar Kode Pos 66171



 
 
MUQODIMAH
Kabeh puji amung kagungane Gusti Allah Kang Ngeratoni ngalam kabeh. Shalawat lan salam mugo-mugo tetep kalimpahaken marang Kanjeng Nabi Muhammad SAW, para ahli baite, sahabate, lan pengikute tuwin umate kabeh. Amma Ba’du.
Kitab meniko terjemahan saking “Kitab Hakekatul Ma’arif” kang kasusun dening Syaikh Muhammad Siroj Al-Arif Ibnu Syafii ingkang wonten Bendosari, Keras, Kediri. Kitab meniko mengku enem kitab, inggih meniko:
1.   Kitab Bahrul Lahut
2.   Kitab Makna Sirri
3.   Kitab Insan Kamil Awwal
4.   Kitab Insan Kamil Tsani
5.   Kitab Mirqod
6.   Kitab Majnunulloh
Inggih enem kitab kang kakumpulaken wonten Kitab Hakekatul Ma’arif meniko ingkang badhe kawulo terjemahaken kanthi bertahap. Mugi-mugi Gusti Allah paring berkah lan manfaat dateng terjemahan kawulo.
Blitar, 29 Agustus 2004
Pemangku Majelis Zikir Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani

Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Bismillahirrohmanirrohim

Kabeh pengalem iku amung kagungane Gusti Alloh kang wus ndadekake Nur Muhammad (Cahyo Pinuji) saking kekuasaane utowo kodrate Alloh. Sholawat lan salam mugo-mugo tetep kalimpahaken marang Gusti kito Kanjeng Nabi  Muhammad kang dadi kekasihe lan dadi selirane Alloh, lan mugo-mugo sholawat lan salam ugo tetep kalimpahaken marang keluargane, sahabate, lan umate kabeh. Amma Ba’du.
Syaikh Abdulloh Al-Arif dawuh ing ndalem mertelakake perkoro kang samar (Ghoib) lan perkoro kang ketingal (Syahadah), mongko nuli Syaikh Abdulloh Al-Arif nganggit ing salah sijine kitab kang nerangake ilmune Alloh kang sejati (Ilmu Haq) kang den arani “Kitab Bahrul Lahut”, artine: Segorone Kepengiranan. Yakni, ora ono wangenane (Laa Hududa), ora ono pungkasane (Laa Intiha’a) keduwene wongkang gelem ngaji kitab iki lan bakal nemu kabegjan. Sebab setuhune ono ing njerone kitab iki nerangake keagungane Gusti Alloh (Adhomatulloh), lan saktemene keagungane Gusti Alloh iku ora ono wangenane lan ora ono pungkasane.
Ngertiyo siro, arikalane sekabehane jagad iki durung ono lan sekabehane kang dumadi ugo durung ono, mongko Dzat wujude Alloh iku durung ketingal, lan wujude dzate Alloh iku dingin/disik (Qodim) tur suwiji (Ahad). Tegese, ora ono kang nyekuthoni marang Dzate Alloh, lan Dzate Alloh iku wujud Dzat Kang Padang (Dliya’), Kang Jembar (Wasi’), Kang Suci (Thohir), Kang Bening (Shofa’), tur Kang Bersih. Dene wujude keagungane Alloh (Adhomatulloh) iku ora wilangan utowo tak terhingga (Laa Hisaba) ing atase pungkasane.
Ngertiyo siro, saktemene Gusti Alloh iku tatkalane durung brahi, iku ora ono wektu (Laa Zamana), ora ono panggonan (Laa Makana), ora ono nduwur (Laa Fauqo), ora ono ngisor (Laa Tahta), ora ono tengen (Laa Yamina), ora ono kiwo (Laa Syimala), kerono Nur Muhammad (Cahyo Pinuji) iku durung ono. Sebab saktemene Arsy, Kursi, pitung langit-bumi lan ahline kabeh, iku didadek ake dening Gusti Alloh saking Nur Muhammad (Cahyo Pinuji) sakwuse mongso seket ewu tahun (50.000 tahun). Lan saktemene sifat keagungan (Adhomat) iku keduwe Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Lan Nur Muhammad (Cahyo Pinuji) iku tetep ing ndalem keagungane Gusti Alloh (Adhomatulloh) mungguh sejatine.
Tegese, ngertiyo siro ing saktemene Alloh iku wus andadekake sekabehane barang kang dumadi iku saking Nur Wilayah (Cahyo Kewalian). Tegese, saking Nur Muhammad (Cahyo Pinuji) lan Nur Wilayah (Cahyo Kewalian) iku kabeh saking Nurulloh (Cahyone Alloh). Ngertiyo siro, saktemene Sifat Kewalian (Wilayah) lan Sifat Kenabian (Nubuwwah) iku dadi sifat keduwene Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Sebab saktemene Kanjeng Nabi Muhammad iku: (1). Asmane Kanjeng Nabi Muhammad mungguh dhohire iku Sifat Kenabian utowo Nubuwwah; lan (2) Asmane Kanjeng Nabi Muhammad mungguh bathine iku Sifat Kewalian utowo Wilayah.
Setengahe wong ahli makrifat saking ahli ngambah dalane ngibadah (Suluk Fi Ibadatillah) dawuh: Kawitan nyatane (Tajalli-ne) Gusti Alloh, tegese kawitan keagungane Alloh (Adhomatulloh) ing ndalem kawitan iku wujude Nur Muhammad (Cahyo Pinuji), tegese sakwuse sampurnane wujude Nur Muhammad. Lan Nur Muhammad (Cahyo Pinuji) iku panggonan kumpule roh-roh sekabehane makhluk, sekabehane malaikat, lan sekabehane barang dumadi.
Ngertiyo siro, saktemene Jauhar Awwal iku Alam Kang Gedhe. Lan Alam Kang Gedhe iku Roh Idhofi saking Dzate Gusti Alloh. Tegese ngertiyo siro, yen sejatine Alloh naliko awale brahi (Awwalul Isqi), tegese brahine Sifat Keagungan (Isqul Jalal) iku ndadekake Jauhar Awwal. Lan Jauhar Awwal iku Alam Kang Gedhe (Alam Kabir). Lan Alam Kang Gedhe (Alam Kabir) iku Roh Idhofi saking Dzate Alloh, tegese saking kersane (Irodat-e) Alloh, lan saking kekuasaane (Qudrot-e) Alloh, lan saking suwijine (Wahdaniyat-e) Alloh.
Ngertiyo siro, saktemene Alloh ndadekake barang kang dumadi, sekabehane alam, lan sekabehane barang kang dumadi iku nyatane wujude Arsy, Kursi, papan (Lauh), Qolam, pitung langit-bumi, Surgo (Jannah), Neroko (Nar) lan ahline kabeh, lan wujude kabeh kang indah-indah saking wujude Srengenge (Syamsu), Rembulan (Qomar), Lintang-lintang (Nujum), Langit (Sama’), lan ahline kabeh, nyatane saking wujude menungso (Insan), Malaikat, lan wujude Bumi (Ardhi) lan ahline kabeh, nyatane wujude menungso (Insan), piro-piro kewan (Hayawan), Jin, syetan, lan wujude barang kang dumadi kabeh, iku kabeh metu sangking Roh Idhofi kerono beninge lan sempurnane Nur Wilayah. Lan sekabehane kang wus kasebut iku kabeh saking keagungane Gusti Alloh (Adhomatulloh), sebab dawuhe Alloh ing ndalem Hadist Qudsi: “Kholaqtuka Li Ajli”, artine: “Ingsun ndadekake siro (Nur Muhammad), mergo amrih mertelakake keagungan Ingsun”, tegese kerono arah pertelane keagungan Ingsun. Teruse “Wa Kholaqtul As’ya’a Li Ajlika”, artne: “Lan Ingsun ndadekake ing perkoro kang dumadi iku kerono arah keagungan siro (Nur Muhammad)”, tegese, kerono arah mertelakake keagungan siro (Nur Muhammad).
Syaikh Abdulloh Al-Arif dawuh: Ngertiyo siro, saktemene Alloh ndadekake saben-saben perkoro kang dumadi iku kanthi lantaran Nur Wilayah (Cahyo Kewalian). Jalaran saktemene Nur Muhammad (Cahyo Pinuji) iku wus sempurno, kerono dawuhe Alloh: “Wallohu Utimma Nurohu”, artine: “Sejatine Gusti Alloh iku wus nyempurnakake Nur Muhammad”.
Ngertiyo siro, yen sejatine Gusti Alloh iku ndadekake kabeh malaikat iku saking Nurul Insan (Cahyone Menungso), lan ndadekake cahyane menungso saking Nur Wilayah (Cahyo Kewalian), lan ndadekake Nur Wilayah iku saking Nurulloh (Cahyone Gusti Alloh), kerono dawuhe Gusti Alloh: “Ingsun wus ndadekake kabeh malaikat saking piro-piro cahyane menungso (Nurul Insan), lan Ingsun ndadekake piro-piro menungso saking Nur Wilayah (Cahyo Kewalian), tegese saking Nur Muhammad (Cahyo Pinuji), lan Ingsun ndadekake Nur Wilayah saking Nurulloh (Cahyone Gusti Alloh) kerono amrih mertelakake keagungane Alloh (Adhomatulloh).”
Syaikh Abdulloh Al-Arif dawuh: Kawitan pertelane Dzate Alloh, tegese kawitan nyatane keagungane Gusti Alloh iku manggon maring Qolam, lan awit saking Qolam tumeko maring wujude Nuqod Ghoib, lan awit saking Nuqod Ghoib tumeko maring Nur Muhammad. Tegese, ngertiyo siro saktemene Gusti Alloh iku manggon marang arahe Nur Muhammad, mongko nuli banjur ketingal (Ta’ayyun) rupo kang nyoto ing ndalem njerone kaca (Mir’at), lan rupo kang nyoto ing njerone kaca (Mir’at) iku sejatine Roh Idhofi. Dene wujude Dzate Alloh iku koyo umpamane rupo kang nyoto ing njerone kaca (Mir’at).
Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh: Kawitan barang kang digawe Gusti Alloh iku Roh Idhofi. Mongko nuli Gusti Alloh ndadekake Nur-ku songko Cahyone Alloh (Nurulloh), nuli Alloh ndadekake wujude Nuqod Ghoib. Mongko nuli Alloh ngumpulake ing mengkono-mengkono telu (Nur Muhammad, Nurulloh, Nuqod Ghoib) ing dadi suwiji (Wahidah), mongko nuli Alloh ningali kelawan kahanan welas asih (Ainur Rohmah), tegese Alloh ningali kelawan kahanan sempurnane Ingsun. Mongko nalikone Nur Ingsun wus ono ing mongso seket ewu tahun (50.000 tahun), mongko Alloh ningali Nur Ingsun, mongko nuli gumeter Nur Ingsun mergo saking peparinge Gusti Alloh. Nuli Alloh dawuh maring Nur Ingsun: “Alastu Birobbikum?”, artine: “Opo dudu Ingsun Pengiran siro?”. Mongko Nur Ingsun njawab: “Balaa”, artine: “Inggih, Panjenengan Pengiran Ingsun”, nuli Nur Ingsun sujud marang Alloh kelawan limang sujudan. Dene sujude Nur Ingsun ing ndalem mongso seket ewu tahun (50.000 tahun) ing limang sujudan marang suwijine Alloh (Wahdaniyatulloh) iku isyaroh yen saktemene Alloh iku majibake marang Ingsun lan umat ingsun ing nindakake sholat ing ndalem sedino sewengi limang wektu (Sholat Maktubah).
Waliyulloh kang ahli ilmu dawuh: Kawitan brahine Alloh iku manggon marang Qolam, tegese kenyataane keagungane Dzate Alloh sakwuse brahi (Isqi) iku manggon maring Qolam. Lan awit saking Qolam tumeko maring wujude Nuqod Ghoib. Lan awit saking wujude Nuqod Ghoib tumeko maring arahe Nur Muhammad. Lan awit saking Nur Muhammad mongko metu tumeko maring Lauh Mahfudz (Papan Kang Direkso), mongko nuli ketingal Gambar (Qolam), tegese nyoto ing atase wujude Qolam lan ing atase wujude sekabehane barang kang den dadekake (makhluk), lan wujude sekabehane barang kang dumadi. Dene sekabehane kabeh iku mau nyoto saking keagungane Nur Wilayah (Adhomatul Wilayah). Lan Nur Wilayah iku saking keagungane Alloh (Adhomatulloh). Dene keagungane Alloh (Adhomatulloh) iku ora ono wilangan (Laa Hududa) lan ora ono watese (Laa Intiha’a). Catetan kawulo: wonten ing bahasa kulo inggih meniko “Tak Terhingga” (Penterjemah).
Nuli Gusti Alloh dawuh: “Bii Kaana Maa Kaana. Bii Yakuunu Maa Yakuunu”, artine: “Klawan sebab Ingsun, wus wujud opo wae barang kang wus wujud. Klawan sebab Ingsun, bakal wujud opo wae barang kang bakal wujud”. Dene wujude sekabehane Alam iku ora wujud kang sejati, nyatane mung aran bloko. Dene wujud kang sejati iku mung wujude Alloh. Lan sakdurunge iki (tegese: sakdurunge brahine Sifat Jalal/Keagungan lan brahine Sifat Jamal/Keelokan) iku ora ono nduwur (Laa Fauqo), ora ono ngisor (Laa Tahta), ora ono tengen (Laa Yamina), ora ono kiwo (Laa Syimala), ora ono panggonan (Laa Makana), ora ono jaman (Laa Zamana), ora ono wektu (Laa Waqta), ora ono mongso (Laa Khiina). Dene wujude keagungane Alloh (Adhomatulloh) iku ora ono wilangan (Laa Hududa) lan ora ono watesan (Laa Intiha’a), kerono dawuhe Alloh: “Allohu Akbar”, artine: “Sejatine Alloh iku luwih agung/gedhe”. Tegese, ora ono wilangan (Laa Hududa) lan ora ono watesan (Laa Intiha’a) ing ndalem keagungan (kebesaran) Alloh. Lan dawuh: “Laitsa Kamistlihi Syai’un Wa Huwas Sami’ul Basyir”, artine: “Ora ono kang biso mbandingi Alloh, lan Alloh iku Dzat Kang Moho Mirsani lang Kang Moho Ningali/Waskito”.
Wong Ahli Rasa Sejati (Ahlus Sirri) dawuh: Sejatine Alloh iku parek/cedek kang bongso maknawi. Lan Alloh iku adoh kang ora ono wangenane (Laa Hududa), tegese adohe Alloh iku ora ono wangenane (Laa Hududa utowo Tak Terhingga). Dawuhe Alloh: “Wa Huwa Aqrobu Min Hablil Warid”, artine: “Lan Alloh iku luwih parek/cedek tinimbang karo otot gulu iring”, kerono setuhune Alloh iku ora ono kang madani ing suwuji-wiji, kerono dawuh: “Saktemene wong-wong iku bisa weruh/ningali Alloh kelawan adoh utowo wong-wong iku biso weruh/ningali Alloh kelawan parek/cedek.”
Wong Ahli Ngerti/Ningali Alloh dawuh: Ningaline wongkang ningali iku yento ningali maring sejatine Awak Dhewe-ne, nuli ningali maring sejatine Gusti Alloh. Mergo songko iku, wajib kanggone wong-wong kang iman yento ningali jejenengan loro, yoiku: (1) Yento ngerteni maring Sejatine Awak Dhewe-ne; (2) Yento ngerteni maring Sejatine Gusti Alloh. Wong Ahli Isyaroh dawuh: Peningale wongkang ningali sejatine Alloh iku sah mergo: (1) Arep ningali ing tanggal; (2) Arep ningali ing tanggal wulan Purnomo. Ngono iku mau tetep ing ndalem angen-angen siro kanthi tetep madep manteb maring Pangeran siro. Catetan kawulo: Dawuh iki namung ibarat yen  tanggal biasa iku serba ora sempurno. Dene tanggal wulan Purnomo iku sempurno. Sing ora sempurno iku Awake Dhewe. Dene sing sempurno iku Gusti Alloh. Masiho ngono iku, iku kabeh iyo tetep aran Wulan. Tapi iki mung kanggo tafakur bloko. (Penterjemah).
Ngertiyo siro, saktemene kang aran Islam iku ibarat saking Kalimah Syahadat. Sopo wonge moco Kalimah Syahadat, mongko wong iku aran Wong Islam (Muslim). Dene sempurnane Islam iku yento wong iku ningali/ngerti ing sejatine Alloh. Wong sing ngerti ngono iku diarani Wong Iman (Mukmin) ing sejatine Alloh, sebab wus ngerteni/nyekseni ing sejatine Alloh. Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh: “Sopo wonge sing tafakur utowo pikir-pikir sak jam iku luwih apik/bagus tinimbang karo ngibadah sewu tahun” (Al-Hadist).
Wongkang Manteb Ing Sejatine Alloh dawuh: Anane awak siro lan sampurnane wujud siro iku kelawan perintahe Pangeran siro, kerono dawuhe Alloh: “Kun Fayakun” artine: “Onoho sekabehane, mongko sekabehane ono”. Dene anane sirnane (Fana’-e) awak siro lan perubahane awak siro iku tetep kelawan kuwasane (Qudrat-e) Pangeran siro lan kersane (Irodat-e) Pangeran siro, kerono dawuhe Alloh: “Kullu Syai’in Halikun Illa Waj’hahu. Wa Huwa Ala Kulli Syai’in Qodiir. Wa Lahul Hukmu Wa Ilaihi Tur’ja’uun”, artine: “Sekabehane suwiji-wiji iku keno rusak, kejobo Dzate Alloh dhewe kang ora rusak. Lan Alloh ing atase suwiji-wiji iku Moho Kuwoso. Lan tetep keduwe Alloh iku hukum/putusan, lan maring Alloh siro kabeh bakal bali.”
Wong Ahli Isyaroh dawuh: Ibarat brahine sejatine Alloh (Ibarotul Isqi) iku Dzat Mutlak, tegese wujude Dzat Mutlak. Iyo wujude Dzat Mutlak iku rupo kang nyoto (Shurotul A’yan) ing ndalem njerone kaca (Mir’at). Lan iyo rupo kang nyoto ing njerone kaca (Mir’at) iku kahanan brahine Alloh. Dene wujude Dzat Mutlak iku iyo wujude Dzate Alloh. Ngertiyo siro, brahine Alloh iku ono loro, yoiku: (1) Brahine Sifat Keagungan utowo Isqul Jalal; lan (2) Brahine Sifat Keelokan utowo Isqul Jamal.
Brahine Sifat Keagungan (Isqul Jalal) iku tetep kelawan Dzate Alloh, tegese iku iyo disik/dingin (Qodim). Lan brahine Sifat Keagungan (Isqul Jalal) iku kahanan brahine Alloh. Dene brahine Sifat Keelokan (Isqul Jamal) iku ora tetep kelawan Dzate Alloh. Dene brahine Sifat Keelokan (Isqul Jamal) iku wujude Dzat Mutlak, tegese wujude Alam kabeh. Dene Kang Brahi (Asyiq) iku dadi ibarat saking kersane (Irodat-e) Alloh. Dene rupo kang nyoto (A’yan) iku ibarat saking ilmune Alloh (Ilmulloh). Lan rupo kang nyoto (A’yan) iku wujude Alam kang kinaweruhan saking sifat keagungan (Kibriya-e) Alloh.
Dene sejatine Alloh iku Dzat kang Dingin/Disik (Qodim) lan Murbo Dhewe (Azali). Kinaweruhane Gusti Alloh iku koyo rupone kang den rupok-aken. Lan rupo kang den rupok-aken iku aran Kang Den Anyar-aken (Mahdust). Dene kenyataan den weruhine Alloh iku diarani kelawan wujud rupo/alam (Wujudul A’yan). Jalaran saktemene kenyataane Alloh iku arikalane dingin-e/disik-e kang nyoto. Dene dingin-e utowo disik-e kang nyoyo iku nyatane Arsy, Kursi, pitung langit-bumi lan ahline kabeh. Lan dingin-e/disik-e kang nyoto iku dadi tepo tulodo Kang Den Anyar-aken (Mahdust). Lan Gusti Alloh iku babar pisan ora ngalih saking Dzate Alloh dewe. Lan Alloh iku kang ndadekake kabeh makhluk. Lan sejatine Alloh iku babar pisan ora ngalih soko purbone dhewe (Azaliyah-e Dhewe). Lan Alloh iku ndadekake makhluk saking kuwasane (Qudrat-e) lan kersane (Irodat-e) Alloh dewe. Lan sejatine Alloh iku ora mlebu ing ndalem Lauh Mahfudz (Papan Kang Direkso) lan ora metu saking Lauh Mahfudz (Papan Kang Direkso), balik rupo kang nyoto ing njero kaca (Wujudul A’yan) lan dingin-e/disik-e kang nyoto (Muqoddimatul Mubin) iku tetep ing ndalem kenyataane Rasane (Sirri-ne) Alloh, lan ora ono opo kang dingin/disik iku kelawan anyar teko (Hadist). Jalaran sejatine kang haq iku dingin/disik (Qodim), lan kerono saktemene dingin/disik kang nyoto (Muqoddimatul Mubin) iku sejatine ora ono (Adam), tegese ora ono ing ndalem Sejatine Kang Haq. Kerono saktemene dingin/disik kang nyoto (Muqoddimatul Mubin) iku ora ono kelawan Dzat lan ora ono Maujud.
Wong Ahli Ilmune Gusti Alloh dawuh: Brahine Alloh iku koyo umpane rupo ing njero kaca (Mir’at) kang bening. Mongko kenyataane Alloh iku dadi ketingal ing ndalem njerone kaca (Mir’at). Dene Roh Idhofi iyo iku aran Makhluk. Jalaran awit saking ono nuli marang ora ono (Minal Adam Ilal Wujud), lan kaca-ne iku dingin/disik (Qodim) kang kapindho arane. Lan iyo kaca iku nyoto kang disik, lan kabeh rupo iku dadi ketingal ing ndalem njerone kaca. Lan kabeh rupo kang ketingal ing ndalem njerone kaca iku aran Kang Den Anyar-aken (Mahdust) lan ora ono kelawan Dzat. Kerono saktemene kabeh rupo kang ketingal ing ndalem njerone kaca iku ora ono (Adam), dene wujude Dzate Alloh iku dingin/disik (Qodim), kerono saktemene wujude Dzate Alloh iku tetep kelawan Sifate Alloh. Dene nyatane Alloh iku kang nyoto ing ndalem njerone kaca (Mir’at), lan kang nyoto ing ndalem njerone kaca (Mir’at) iku aran Kang Den Braheni (Ma’syuq), lan iyo Kang Den Braheni (Ma’syuq) iku isine Roh Idhofi.
Ngertiyo siro, saktemene Dzate Alloh iku koyo rupo kang ono ing njerone kaca (Mir’at), Kang Suci, Kang Bening, Kang Bersih, mongko dadi ketingal opo-opo rupo kang nyoto/alam ing njerone kaca (Mir’at). Lan rupo kang nyoto ing njerone kaca (Mir’at) iku aran Hakekate Roh Idhofi (Haqiqotu Ruh Idhofi). Lan hakekate Roh Idhofi iku iku asale kabeh makhluk. Kerono saktemene roh-e poro makhluk iku metu saking Roh Idhofi. Dene kang aran Roh Idhofi iku panggonan Nur Muhammad lan panggonan Roh-e Kanjeng nabi Muhammad SAW. Lan kenyataan ilmune Alloh iku dingin/disik (Qodim), murbo dhewe (Azali), selawase tanpo owah (Abadi). Dene kenyataan kahanan wujude Dzate Alloh sakwuse brahi iku wujude sekabehane Alam. Dene wujude Dzate Alloh sakdurunge brahi iku dingin/disik (Qodim), murbo dhewe (Azali), lan selawase tanpo owah (Abadi).
Mugo-mugo Gusti Alloh ngapuro marang kulo lan sedoyo kaum muslimin kelawan welas asihe, Duh Dzat Kang Moho Welase Piro-Piro Kang Welas Asih. Alhamdulillahirobil Alamin Tammat Tarjamatuhu.
PENUTUP (KHOTIMAH) KANG WIGATOS
Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Perlu dipun sumerapi lan dipun mangertosi bilih Kitab Hakekatul Ma’arif kang mengku enem kitab meniko rumiyen saking panjenenganipun Syaikh Anshor Muhammad ingkang ugi dados Mursyid Thoriqoh Sathoriyah. Syaikh Anshor Muhammad Pamengku Pondok Pesantren Nur Mambaul Hisan Sembon Kanigoro Blitar meniko biasane mahos kitab meniko setiap Malam Jumat wekdalipun dalu sak sampunipun jam kalih welas dalu. Amargi punopo?. Mahos kitab meniko kedah kanti beninge ati supados mboten salah dalane makrifat marang Gusti Alloh. Mulane dipun pilih wekdal dalu meniko ibarat penempuh Jawi “Surub Kayon” ateges wekdal ingkang sahe tumurune Wahyu Ilahi. Inggih meniko, wekdal ingkang ndukung Heneng, Hening, Eling, lan Waspada-ne manah tumprap penempuh dalan.
Rikolo semanten, kawulo nate sowan lan ambeguru dateng Syaikh Anshor Muhammad kaliyan Mbah Haji Muhammad, Mbah Haji Sugeng Surabaya, nuli dipun ijazahi Zikir Ismu Dzat: ALLOH, ALLOH, ALLOH, supados dipun amalaken tanpo pegat arikolo lungguh, ngadek, mlaku, lan sare, miturut mlebu-metunipun ambegan. Caranipun Zikir Ismu Dzat amung diwahos ing bathin kemawon, wonten aktivitas nopo kemawon kedah Eling marang Gusti Alloh Kang Moho Mbarengi lan Moho Nglimputi sekabehane kabeh.
Dene Zikir Ismu Dzat meniko ugi adedasar saking hadiste Kanjeng Nabi Muhammad SAW marang Sayyidina Ali Bin Abi Tholib ingkang mungel mengaten: “Yaa Ali, Igh’mith Ainaika Wa Alsiq Syafataika Wa A’li Lisanaka Wa Qul: Alloh, Alloh”, artine: “Hai Ali, meremno ing mripat loro siro, lan tutupen lisan siro, lan unggahno (tempelno) ilat siro marang cethak siro, nuli ngucapo ing bathin: Alloh, Alloh.” (HR. Thobroni lan Baihaqi). Inggih meniko hadist kadamel adedasar Zikir Ismu Dzat kanthi Zikir Khofi (Zikir Samar).
Amung kemawon ugi perlu dipun mangertosi bilih lelaku kados mekaten meniko pancen merlokaken Guru Mursyid, inggih guru ingkang dipun wenangaken aweh Talqin lan Ijazah kang sampun mangertosi babagan Kepengiranan (Ketuhanan). Inggih guru ingkang sampun saget nuduhaken dalanipun teko (Wushul) dumateng Gusti Alloh Ingkang Moho Ngelimputi lan Kang Moho Mbarengi ing sekabehane barang kang dumadi.
Kawulo (Penterjemah) meniko kitab amung paring ular-ular utawi pepenget mekaten: “Monggo sami-sami Talqin Zikir dumateng Guru Mursyid saking thoriqoh punopo kemawon. Amargi dawuhipun Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani wonten Kitab Sirrul Asrar nyebataken bilih tujuanipun Talqin inggih meniko kadamel mutus sedoyo barang kang sak lintunipun Gusti Alloh. Sebab sinten kemawon ingkang saget mutus meniko bakal nemu manisipun ngibadah dumateng Gusti Alloh.” Mekaten saking kawulo pribadi. Wallohua’lam Bishowab.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar