Rabu, 02 Oktober 2019

KITAB INSAN KAMIL TSANI


KITAB
INSAN KAMIL TSANI
(MENUNGSO SEMPURNO)
 Susunan Syaikh Muhammad Siroj Al-Arif


Penterjemah
Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.



Kawedalaken Dening
MAJELIS ZIKIR SYAIKH ABDUL QADIR AL-JAILANI
Alamat: Jl. Masjid Baitul Makmur Sekardangan RT. 03 RW. 09 Papungan Kanigoro Blitar Kode Pos 66171



 
 
MUQODIMAH
Kabeh puji amung kagungane Gusti Allah Kang Ngeratoni ngalam kabeh. Shalawat lan salam mugo-mugo tetep kalimpahaken marang Kanjeng Nabi Muhammad SAW, para ahli baite, sahabate, lan pengikute tuwin umate kabeh. Amma Ba’du.
Kitab meniko terjemahan saking “Kitab Hakekatul Ma’arif” kang kasusun dening Syaikh Muhammad Siroj Al-Arif Ibnu Syafii ingkang wonten Bendosari, Keras, Kediri. Kitab meniko mengku enem kitab, inggih meniko:
1.   Kitab Bahrul Lahut
2.   Kitab Makna Sirri
3.   Kitab Insan Kamil Awwal
4.   Kitab Insan Kamil Tsani
5.   Kitab Mirqod
6.   Kitab Majnunulloh
Inggih enem kitab kang kakumpulaken wonten Kitab Hakekatul Ma’arif meniko ingkang badhe kawulo terjemahaken kanthi bertahap. Mugi-mugi Gusti Allah paring berkah lan manfaat dateng terjemahan kawulo.
Blitar, 29 Agustus 2004
Pemangku Majelis Zikir Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani

Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Bismillahirrohmanirrohim

Kabeh puji iku amung kagungane Alloh Kang Mangerani Alam kabeh. Sholawat lan salam mugi tetep kalimpahaken ing atase Kanjeng Nabi Muhammad SAW kang dadi luwih mulyo-mulyone para utusan, lan mugi sholawat lan salam tetep kalimpahaken dumateng keluargane lan sahabate kabeh. Amma Ba’du.
Iki minongko kitab cilik (Risalah) lan ingsun arani kelawan “Kitab Insan Kamil Tsani”, artine: “Menungso Kang Sempurno Jilid Loro” ing ndalem mertelakake sempurnane menungso ing atase ngerteni sejatine Alloh (Makrifatulloh) kanthi lantaran manute menungso ing atase poro Nabine Alloh kelawan nganggo dalil kang kinaweruhan saking Al-Qur’an lan Al-Hadist.
Hai eling-eling poro menungso sampurno kang nduweni akal (Al-Insan Al-Kamil Al-Aqil), ngertiyo siro saktemene Alloh iku mbarengi ing siro ing ngendi enggon ono sopo siro kabeh, kerono dawuhe Alloh: “Wallohu Ma’akum Ain Maa Kuntum”, artine: “Saktemene Alloh iku mbarengi ing siro kabeh ing ngendi enggon ono sopo siro kabeh”. Dene carane olehe mbarengi (Ma’iyyah-e) Alloh ing atase makhluk iku koyo olehe mbarengi uyah kelawan asine uyah, sekirane ora biso dipisah babar pisan. Lan saktemene Alloh iku nglimputi ing atase kabeh makhluk, kerono dawuhe Alloh: “Innalloha Ala Kulli Syai’in Muhith”, artine: “Saktemene Alloh iku ing atase saben-saben barang kang dumadi iku Moho Nglimputi”. Dene carane olehe nglimputi (Ikhatoh-e) Alloh iku koyo olehe nglimputi perkoro Kang Den Sifati (Mausuf) kelawan piro-piro sifate, kelawan sekirane ora keno den bedakake sebab bangete olehe nglimputi Alloh. Lamun olehe nglimputi Alloh iku dikira-kira isih wenang pisah, mongko Alloh iku dudu jeneng Moho Nglimputi.
Didawuhake, sejatine wujude kabeh manungso iku ing atase wujude Alloh, lan kuwasane kabeh manungso iku ing atase kuwasane Alloh. Mulo ono dawuh: “Laa Maujuda Illaloh”, artine: “Ora ono maujud kang sejati kejobo kang wujud iku Alloh”. Lan den ngendikakake: “Wujude menungso iku wujude Alloh. Kuwasane menungso iku kuwasane Alloh”. Lan den ngendikaaken: “Wa Maa Shollaita Idza Shollaita Wa Lakinnalloha Sholla”, artine: “Ora sholat siro tatkalane sholat siro, tapi sejatine kang sholat iku Alloh”. Lan den ngendikakaken: “Wa Maa Romaita Idza Romaita Wa Lakinnalloha Roma”, artine: “Ora mbalang siro tatkalane mbalang siro, tetapi sejatine kang mbalang iku Alloh”. Lan den ngendikakaken: “Wa Maa Masaita Idza Masaita Wa Lakinnalloha Masa”, artine: “Ora mlaku siro tatkalane mlaku siro, tetapi sejatine kang mlaku iku Alloh”.
Hai eling-eling menungso kang sempurno kang nduweni akal (Al-Insan Al-Kamil Al-Aqil), podo ngertiyo siro saktemene sekabehe piro-piro makhluk iku, koyo wujude pitung langit-bumi lan ahline kabeh, sekabehe wujud iku mau kabeh wujude Alloh (Wujudulloh) ing ndalem sak nyatane. Lan ojo mamang siro, kerono saktemene sekabehane makhluk iku koyo umpamane Rupo/Gambar kang nyoto ing ndalem njerone Kaca (Mir’at). Dene sejatine Alloh iku ibarat kang nyoto ing ndalem njerone Kaca (Mir’at). Wus den dawuhake: Ngertiyo siro, tatkalane Gusti Alloh durung brahi, iku ora ono mongso (Laa Zamana), ora ono panggonan (Laa Makana), ora ono nduwur (Laa Fauqo), ora ono ngisor (Laa Tahta), ora ono kiwo (Laa Syimala), ora ono tengen (Laa Yamina), ora keno dikoyo-koyo ngopo (Laa Kaifa), ora keno dipadakake suwiji-wiji (Laa Mistala). Dene wujude Alloh iku wujud Padang (Dliya’), Kang Bersih (Sholiah), Kang Bening (Shofiyah).
Sakdurunge Alloh brahi iku ora ono wangenan (Laa Hududa), ora ono pungkasan (Laa Intiha’a). Mongko nuli Alloh ndadekake Nur Muhammad (Cahyo Pinuji) kelawan kuwasane (Qudrat-e) lan kersane (Irodat-e) Alloh. Gusti Alloh dawuh: “Kholaqtuka Li Ajli”, artine: “Ingsun ndadekake ing siro (Nur Muhammad) kerono arah Ingsun”, tegese kerono arah keagungan Ingsun (Li Idhari Adhomati) “Wa Kholaqtul As’ya’a Li Ajlika”, artine: “Lan Ingsun ndadekake ing kabeh barang kang dumadi iku mergo arah siro (Nur Muhammad)”, tegese kerono arah mertelakake keagungan siro (Nur Muhammad) [Li Idhari Adhomatika], lan kerono arah kamulyan siro (Karomika), lan kerono arah sempurno siro (Kamalika), lan kerono arah mangerti yen siro iku kekasih Ingsun utowo kerono arah bronto Ingsun (Li Idhari Wilayati).
Lan Alloh dawuh: “Utimmu Nurohu” artine: “Ingsun wus nyempurnakake Nur Muhammad”. Ngertiyo siro, yen saktemene Alloh iku ndadekake ing kabeh malaikat iku saking Cahyone Menungso (Nurul Insan). Lan Alloh ndadekake ing piro-piro menungso saking Nur Wilayah (Cahyo Kewalian utowo Cahyo arahe Bronto Gusti Alloh Ing Ciptaane). Kang koyo mengkono iku padane Kaca (Mir’at) lan tatkalane wujude Nur Wilayah uwis sampurno, nuli Alloh dawuh: “Kun Fayakun” artine: “Onoho siro (Kabeh Alam), mongko nuli ono opo kabeh Ngalam” klawan nyoto Rupone/Gambare ing ndalem njerone Kaca (Mir’at). Lan iyo Rupo/Gambar kang nyoto ing njerone Kaca (Mir’at) ikulah kang den arani hakekate Roh Idhofi (Haqeqotu Roh Idhofi). Lan iyo Roh Idhofi ikulah asale piro-piro makhluk (Ashlul Makhluqoti), kerono setuhune Roh-e piro-piro Makhluk iku metu saking Roh Idhofi.
Nuli Alloh dawuh: “Innalillahi Wa Inna Ilaihi Rojiun” artine: “Saktemene kito kabeh iki kagungane Alloh lan bakal mbali marang Alloh”. Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh: “Imano siro kabeh ing Alloh. Sopo wonge kang ora percoyo ing sejatine Alloh, mongko temen-temen kafir. Lan sopo wonge kafir, mongko dudu umat ingsun”. Ngertiyo siro, iman (percoyo) kang tanpo nganggo ilmu iku ora sah. Jalaran saktemene makrifat kang ora nganggo ilmu iku ora sah kelawan sak nyatane. Rampung terjemahan Kitab Insan Kamil Tsani, mugo-mugo Gusti Alloh paring berkah lan manfaat. Amiin.
PENUTUP (KHOTIMAH) KANG WIGATOS
Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Perlu dipun sumerapi lan dipun mangertosi bilih Kitab Hakekatul Ma’arif kang mengku enem kitab meniko rumiyen saking panjenenganipun Syaikh Anshor Muhammad ingkang ugi dados Mursyid Thoriqoh Sathoriyah. Syaikh Anshor Muhammad Pamengku Pondok Pesantren Nur Mambaul Hisan Sembon Kanigoro Blitar meniko biasane mahos kitab meniko setiap Malam Jumat wekdalipun dalu sak sampunipun jam kalih welas dalu. Amargi punopo?. Mahos kitab meniko kedah kanti beninge ati supados mboten salah dalane makrifat marang Gusti Alloh. Mulane dipun pilih wekdal dalu meniko ibarat penempuh Jawi “Surub Kayon” ateges wekdal ingkang sahe tumurune Wahyu Ilahi. Inggih meniko, wekdal ingkang ndukung Heneng, Hening, Eling, lan Waspada-ne manah tumprap penempuh dalan.
Rikolo semanten, kawulo nate sowan lan ambeguru dateng Syaikh Anshor Muhammad kaliyan Mbah Haji Muhammad, Mbah Haji Sugeng Surabaya, nuli dipun ijazahi Zikir Ismu Dzat: ALLOH, ALLOH, ALLOH, supados dipun amalaken tanpo pegat arikolo lungguh, ngadek, mlaku, lan sare, miturut mlebu-metunipun ambegan. Caranipun Zikir Ismu Dzat amung diwahos ing bathin kemawon, wonten aktivitas nopo kemawon kedah Eling marang Gusti Alloh Kang Moho Mbarengi lan Moho Nglimputi sekabehane kabeh.
Dene Zikir Ismu Dzat meniko ugi adedasar saking hadiste Kanjeng Nabi Muhammad SAW marang Sayyidina Ali Bin Abi Tholib ingkang mungel mengaten: “Yaa Ali, Igh’mith Ainaika Wa Alsiq Syafataika Wa A’li Lisanaka Wa Qul: Alloh, Alloh”, artine: “Hai Ali, meremno ing mripat loro siro, lan tutupen lisan siro, lan unggahno (tempelno) ilat siro marang cethak siro, nuli ngucapo ing bathin: Alloh, Alloh.” (HR. Thobroni lan Baihaqi). Inggih meniko hadist kadamel adedasar Zikir Ismu Dzat kanthi Zikir Khofi (Zikir Samar).
Amung kemawon ugi perlu dipun mangertosi bilih lelaku kados mekaten meniko pancen merlokaken Guru Mursyid, inggih guru ingkang dipun wenangaken aweh Talqin lan Ijazah kang sampun mangertosi babagan Kepengiranan (Ketuhanan). Inggih guru ingkang sampun saget nuduhaken dalanipun teko (Wushul) dumateng Gusti Alloh Ingkang Moho Ngelimputi lan Kang Moho Mbarengi ing sekabehane barang kang dumadi.
Kawulo (Penterjemah) meniko kitab amung paring ular-ular utawi pepenget mekaten: “Monggo sami-sami Talqin Zikir dumateng Guru Mursyid saking thoriqoh punopo kemawon. Amargi dawuhipun Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani wonten Kitab Sirrul Asrar nyebataken bilih tujuanipun Talqin inggih meniko kadamel mutus sedoyo barang kang sak lintunipun Gusti Alloh. Sebab sinten kemawon ingkang saget mutus meniko bakal nemu manisipun ngibadah dumateng Gusti Alloh.” Mekaten saking kawulo pribadi. Wallohua’lam Bishowab.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar