Rabu, 02 Oktober 2019

KITAB MIRQOD


KITAB
MIRQOD
(ADABE MAKRIFATULLOH)
 Susunan Syaikh Muhammad Siroj Al-Arif


Penterjemah
Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.



Kawedalaken Dening
MAJELIS ZIKIR SYAIKH ABDUL QADIR AL-JAILANI
Alamat: Jl. Masjid Baitul Makmur Sekardangan RT. 03 RW. 09 Papungan Kanigoro Blitar Kode Pos 66171



 
 
MUQODIMAH
Kabeh puji amung kagungane Gusti Allah Kang Ngeratoni ngalam kabeh. Shalawat lan salam mugo-mugo tetep kalimpahaken marang Kanjeng Nabi Muhammad SAW, para ahli baite, sahabate, lan pengikute tuwin umate kabeh. Amma Ba’du.
Kitab meniko terjemahan saking “Kitab Hakekatul Ma’arif” kang kasusun dening Syaikh Muhammad Siroj Al-Arif Ibnu Syafii ingkang wonten Bendosari, Keras, Kediri. Kitab meniko mengku enem kitab, inggih meniko:
1.   Kitab Bahrul Lahut
2.   Kitab Makna Sirri
3.   Kitab Insan Kamil Awwal
4.   Kitab Insan Kamil Tsani
5.   Kitab Mirqod
6.   Kitab Majnunulloh
Inggih enem kitab kang kakumpulaken wonten Kitab Hakekatul Ma’arif meniko ingkang badhe kawulo terjemahaken kanthi bertahap. Mugi-mugi Gusti Allah paring berkah lan manfaat dateng terjemahan kawulo.
Blitar, 29 Agustus 2004
Pemangku Majelis Zikir Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani

Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Bismillahirrohmanirrohim

Kabeh puji iku amung kagungane Alloh Kang Mangerani Alam kabeh. Sholawat lan salam mugi tetep kalimpahaken ing atase Kanjeng Nabi Muhammad SAW kang dadi luwih mulyo-mulyone para utusan, lan mugi sholawat lan salam tetep kalimpahaken dumateng keluargane lan sahabate kabeh. Amma Ba’du.
Iki minongko kitab cilik (Risalah) lan ingsun arani kelawan “Kitab Mirqod” ing ndalem mertelakake tata kramane makrifat maring sejatine Alloh (Fi Adabi Makrifatillah). Mugo-mugo kitab meniko mbekto berkah lan manfaat kanggone wong kang ngarepake marang ngerteni sejatine Gusti Alloh.
Wong Ahli Makrifat Kang Sampurno (Al-Arif Al-Kamil) dawuh: Hai eling-eling wongkang mlarat ilmu lan ngamal, tatakalane siro ngarepake ing yento ngerteni sejatine Alloh, mongko gaweyo adab siro kelawan olehe nggawe adab Kawulo Kang Ino (Al-Abdu Adz-Dzalil), Kang Nduweni Dosa (Al-Mudznib) ing ngersane Gusti Alloh Kang Moho Ngratoni (Al-Malik), Moho Murbo Mesiso (Al-Jabbar), Moho Agung (Al-Kabir/Al-Adzim), Moho Sugih (Al-Ghoni), Moho Nyukupi (Al-Kafi), Moho Parek/Cedek (Al-Qorib), Moho Nglimputi (Al-Muhith), Moho Kuwoso (Al-Qodir), Moho Nguwasani (Al-Muqtadir), Moho Ngudaneni (Al-Alim), Moho Ngawiti (Al-Mubdi’), Moho Mungkasi (Al-Mu’id), Tur Kang Ora Sare Lan Ora Sedo.
Ngertenono siro, yen saktemene Alloh iku luwih ngerteni ing ndalem cacat-cacate awak siro lan luwih ngerteni ing ndalem krenteg siro. Mongko nuli sholato siro kelawan rong (2) Rokaat, kelawan cara mengkene:
1.   Sholat Rong Rokaat: Sakwuse Surat Al-Fatikah moco Surat Inna Anzalna 7x (Pitung Ambalan).
2.   Rukuk: Moco Tasbih 7x (Pitung Ambalan)
3.   Iktidal: Moco “Allohumma Innaka Ta’limu Maa Fi Nafsi. Wa Ta’lamu Maa Fi Qolbi. Wa Ta’lamu Maqsudi. Wa Ta’lamu Maa Khothoro Bii. An Tuallima Alayya Bi Haqqi Wujudikal Haqqi, Bi Qudrotika Wa Kromika Yaa Arhamar Rohimin”. Artine: “Duh Gusti Alloh, saktemene Panjenengan ngerti punopo ingkang wonten awak kulo. Panjenengan ngerti punopo ingkang wonten manah kulo. Panjenengan ngerti tujuan kulo. Panjenengan ngerti punopo ingkang dados krenteg kulo. Mugiyo Panjenengan mulang kulo kelawan saktemene wujud sejatine Panjenengan, kelawan kuwoso Panjenengan lan kamulyan Panjenengan, Duh Dzat Ingkang Luwih Asih-asihe Kang Asih Kabeh”.
4.   Sujud: Moco Tasbih 3x (Telung Ambalan)
5.   Lungguh Antarane Sujud Loro: Moco “Robbigfirli Warhamni, Warzuqni, Waj’burni, Warfa’ni, Wa Allimni, Wahdini Fi Sirrika, Waksyifni Fi Qolbi Ala Makrifatika Bi Nuri Wajhikal Karim”. Artine: “Duh Pengiran kulo, Panjenengan ngapuro kulo, Panjenengan kasih sayangi kulo, Panjenengan paringi rejeki kulo, Panjenengan paringi pitulung kulo, Panjenengan angkat derajat kulo, Panjenengan bimbing ilmu kulo, Panjenengan paringi pituduh kulo, Panjenengan bukak ing ndalem ati kulo ing atase ngerteni sejatine Panjenengan kelawan Cahyone Dzat Panjenengan Kang Mulyo”.
6.   Sujud Kapindo: Moco “Subhana Roobiyal A’la Wa Bihamdihi. Subhanalladzi Hadaana Bi Hidayatika, Wa Karomika, Wa Adzomatika, Wa Jalalika. Wahdini Bi Wajhikal Karim Bi Haqqi Makrifati Dzatikal Yaqin”. Artine: “Moho Suci Pengiran kulo Kang Moho Luhur lan kabeh puji damel Panjenengane. Moho suci Dzat kang nuduhake kito kelawan pituduh Panjenengan, Kamulyan Panjenengan, lan Keagungan Panjenengan. Kulo aturi paring pituduh Panjenengan Kang Mulyo kelawan sejatine ngerteni Dzat Panjenengan Kelawan Yakin”.
Ing Rokaat kang kaping pindo ugo dilakoni koyo ngono iku. Tegese, koyo katerangan ing nduwur iku.
Nuli sakwuse salam moco wirid iki:
1.   Astaghfirullohal Adzim, Innalloha Ghofurur Rohim 21x (Selikur Ambalan).
2.   Lailahaillalloh Ya Rofi’ad Darojat 7x (Pitung Ambalan).
3.   Ya Muhith 777x (Pitung Atus Pitung Puluh Pitu Ambalan). Pas moco iki kelawan nengklengake ati ing atase olehe nglimputi (Ikhatoh-e) Alloh ing atase awak siro.
4.   Moco donga iki kaping 40x (Patang Puluh Ambalan): “Allohummahdini Bi Hidayatika. Wa Allimni Bi Ilmika. Waqdi Hajati Bi Qudrotika Wa Irodatika. Fainnaka Tahdi Bi Ibadikas Sholihin. Subhanalladzi Malakal Alam. Subhanalladzi Laa Yanamu Wa Laa Yamutu. Dzil Arsyil Madjid. Al-Fa’allul Lima Yuridu. Kholaqtani Bi Nuri Nabiyyikal Karim, Bi Qudrotika, Wa Irodatika, Wa Karomika, Wa Jalalika, Wa Adzomatika, Ya Karim, Ya Rohim, Ya Habibat Tawwabin, Wa Ya Arhamal Masakin, Wa Ya Khoirol Ghofirin, Wa Ya Khoirol Fashilin, Wa Ya Khoirol Washilin, Wa Ya Khoirot Ta’ibin. Subhanal Malikil Quddus Dzil Mulki Wal Malakut, Dzil Arsyil Madjid”. Artine: “Duh Gusti, Panjenengan paringi pituduh kulo kelawan pituduh Panjenengan. Panjenengan wulang kulo kelawan ilmu Panjenengan. Panjenengan tekani hajat kulo kelawan kuwoso lan kerso Panjenengan. Moho sucine Dzat Kang ngeratoni alam kabeh. Moho sucine Dzat kang ora sare dan ora sedo. Kang Nduweni Arsy Kang gedhe. Kang akeh penggawene maring barang kang den kersakake. Kang ndadekake Panjenengan ing kulo kelawan Nur/Cahyo-ne Nabi panjenengan, kelawan kuwoso lan kerso Panjenengan, kelawan kamulyan Panjenengan, kelawan keagungan Panjenengan. Duh Dzat Kang Mulyo, Duh Dzat Kang Moho Welas Asih, Duh Dzat Kang Moho ndemeni piro-piro wongkang tobat, Duh Dzat Kang Luwih Welas Asih marang wong miskin, Duh Dzat Kang Luwih Apik-apike Pengapurane, Duh Dzat Kang Luwih Apik-apike Kang Misahake, Duh Dzat Kang Luwih Apik-apike Kang nekak-ake (Wushul-ake), Duh Dzat Kang Luwih Apik-apike nrimo tobate wongkang podo tobat. Moho Sucine Dzat Kang Moho Ngratoni, Moho Suci, Kang Nduweni Kraton Langit lan Bumi, Kang Nduweni Arsy kang Agung”.
5.   Nuli sujodo siro lan pikir-pikiro (Tafakur-o) siro kelawan sak kathoke pikir-pikir siro ing atase olehe nglimputi (Ikhatoh-e) Alloh lan olehe mbarengi (Ma’iyyah-e) Alloh.
Lan ngati-ngatiyo siro, mongko ningali siro. Tegese, arikalane weruh siro ing sejatine Dzate Alloh, mongko iku terkadang syetan iku nyasarake ing siro. (Catetan Penterjemah: Mergo sejatine Dzate Alloh iku ora keno dipadakake ing suwiji-wiji [Laista Kamistlihi Syai’un]). Dene upomo enthuk isyaroh koyo katerangan ing ngisor iki, iku ngono mung kanggo “Pasemon/Simbolis” wae, dudu kang sejatine-sejati Gusti Alloh. Yoiku:
1.   Lamun siro ningali Jejenggrengan (Shahsun) kang ora mantesi kelawan tingkahe poro Nabi, mongko koyo mengkono iku mau rupone pengganggune syetan utowo olehe ngganggu syetan (Makayidus Syayatin).
2.   Lamun siro ningali rupo kelawan rupone piro-piro menungso kang mantesi kelawan tingkahe poro Nabi, mongko koyo mengkono iku rupone Cahyone Alloh (Nurulloh).
3.   Lamun siro ningali kelawan wujude rupo Padhang (Dliya’), mongko iku iyo wujude Dzate Alloh (Wujudu Dzatulloh). (Catetan Penterjemah: Yen weruh ngene iki iyo tetep kudu Waspodo. Elingo critane Syaikh Abdul Qodir Al-Jailani ono ing Manaqibe bilih Panjenengane iyo nate weruh Cahyo Kang Padhang nuli sirno lan sakteruse. Ternyata iku iyo isih pengganggune Syetan).
4.   Lamun siro ningali wujude menungso koyo rupo siro dhewe, mongko iku wujude Sifate Alloh (Wujudu Shifatulloh) kang nglimputi ing siro. Mongko ikulah rupo kang bener.
5.   Lamun siro ningali rupone kewan (Shurotul Hayawan), rupone gunung (Shurotul Jabal), rupone geni (Shurotun Nar), mongko rupo iku temen-temen batal/batil.
Catetan Penterjemah: Wonten ing bab isyaroh mimpi lan sak pinunggalane, kulo aturi mahos “Kitab Sirrul Asror” anggitanipun Syaikh Abdul Qodir Al-Jailani ing bagian 22 (Bab Rolikur). Akhiripun, penyusun ugi penterjemah mungkasi kitab meniko, mugi-mugi tansah angsal barokah lan manfaat saking Gusti Alloh. Amiin.
PENUTUP (KHOTIMAH) KANG WIGATOS
Dr. Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.

Perlu dipun sumerapi lan dipun mangertosi bilih Kitab Hakekatul Ma’arif kang mengku enem kitab meniko rumiyen saking panjenenganipun Syaikh Anshor Muhammad ingkang ugi dados Mursyid Thoriqoh Sathoriyah. Syaikh Anshor Muhammad Pamengku Pondok Pesantren Nur Mambaul Hisan Sembon Kanigoro Blitar meniko biasane mahos kitab meniko setiap Malam Jumat wekdalipun dalu sak sampunipun jam kalih welas dalu. Amargi punopo?. Mahos kitab meniko kedah kanti beninge ati supados mboten salah dalane makrifat marang Gusti Alloh. Mulane dipun pilih wekdal dalu meniko ibarat penempuh Jawi “Surub Kayon” ateges wekdal ingkang sahe tumurune Wahyu Ilahi. Inggih meniko, wekdal ingkang ndukung Heneng, Hening, Eling, lan Waspada-ne manah tumprap penempuh dalan.
Rikolo semanten, kawulo nate sowan lan ambeguru dateng Syaikh Anshor Muhammad kaliyan Mbah Haji Muhammad, Mbah Haji Sugeng Surabaya, nuli dipun ijazahi Zikir Ismu Dzat: ALLOH, ALLOH, ALLOH, supados dipun amalaken tanpo pegat arikolo lungguh, ngadek, mlaku, lan sare, miturut mlebu-metunipun ambegan. Caranipun Zikir Ismu Dzat amung diwahos ing bathin kemawon, wonten aktivitas nopo kemawon kedah Eling marang Gusti Alloh Kang Moho Mbarengi lan Moho Nglimputi sekabehane kabeh.
Kawulo ugi angsal bait khusus (Baiat Khoshoh), ijazah khusus (Ijazah Khoshoh), talqin khusus (Talqin Khoshoh) anane Dzikir Ismu Dzat (Alloh, Alloh, Alloh) saking Syaikh Muhammad Makki An-Naqsyabandi inggih meniko salah setunggalipun kyai utawi ulama ingkang dados Mursyid Thoriqoh Naqsyabandiyah Kholidiyah kang mukim wonten ing Bandung, Tlogo, Kanigoro, Blitar. Anapun caranipun inggih meniko:
1.   Istighfar 5x/Langkung
2.   Sholawat 5x/Langkung
3.   Surat Al-Fatikah dateng: Syaikh Abdul Qodir Al-Jailani, Syaikh Muhammad Bahauddin An-Naqsyabandi, Syaikh Imam Faqih, Syaikh Abdul Ghofur, lan Syaikh Muhammad Makki. 1x
4.   Surat Al-Ikhlas 3x (Dipun hadiahaken marang para guru kasebat soho poro ahli silsilah Thoriqoh Naqsyabandiyah)
5.   Zikir: “Alloh, Alloh” kanthi miturut mlebu metu nipun ambegan.
Wondene cara sakterusipun ugi kados ingkang sampun kasebat wonten katerangan ing nginggil wau. Tegese, sedoyo kalawau amung diwahos wonten batin, mboten wonten lisan. Sebab artine “Naqsyabandi” niku inggih meniko “Nagsya” artine ngukir, “Bandi” artine Pangiran. Dados ngukir zikir ing Pengiran ono ing batin/ati.
          Selajengipun, menawi wonten “Kitab Tanwirul Qulub” ugi ingkang dipun susun dening Syaikh Muhammad  Siroj Al-Arif Ibnu Syafii dipun jelasaken tata carane Dzikir Lailahaillalloh. Den dawuhaken wonten halaman 76-77 kasebat mekaten: “Mulo sayogjo banget yen wong urip iku mau yen biso ngucap Laailahaillalloh koyo mengkono iku lan den barengake karo mlebu-metune nafas. Yen nalikane nafas metu bareng ngucap “Laailaha” sero eling Ahadiyah. Yen nafas mlebu ngucap “Illalloh” serto eling Wahdah lan Wahidiyah...”. Lha mekaten menikolah sebagian ulama ahli thoriqoh ngarani dzikir iki kelawan “Dzikir Nafi Isbat”. Lan ono sing ngarani kelawan “Dzikir Sathori” kang asale soko istilah “Sathoro” artine ndedel utowo membelah. Yakni membelah Dzikir klawan Nafi lan Isbat iku mau.
Dene Zikir Ismu Dzat meniko ugi adedasar saking hadiste Kanjeng Nabi Muhammad SAW marang Sayyidina Ali Bin Abi Tholib ingkang mungel mengaten: “Yaa Ali, Igh’mith Ainaika Wa Alsiq Syafataika Wa A’li Lisanaka Wa Qul: Alloh, Alloh”, artine: “Hai Ali, meremno ing mripat loro siro, lan tutupen lisan siro, lan unggahno (tempelno) ilat siro marang cethak siro, nuli ngucapo ing bathin: Alloh, Alloh.” (HR. Thobroni lan Baihaqi). Inggih meniko hadist kadamel adedasar Zikir Ismu Dzat kanthi Zikir Khofi (Zikir Samar).
Amung kemawon ugi perlu dipun mangertosi bilih lelaku kados mekaten meniko pancen merlokaken Guru Mursyid, inggih guru ingkang dipun wenangaken aweh Talqin lan Ijazah kang sampun mangertosi babagan Kepengiranan (Ketuhanan). Inggih guru ingkang sampun saget nuduhaken dalanipun teko (Wushul) dumateng Gusti Alloh Ingkang Moho Ngelimputi lan Kang Moho Mbarengi ing sekabehane barang kang dumadi.
Kawulo (Penterjemah) meniko kitab amung paring ular-ular utawi pepenget mekaten: “Monggo sami-sami Talqin Zikir dumateng Guru Mursyid saking thoriqoh punopo kemawon. Amargi dawuhipun Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani wonten Kitab Sirrul Asrar nyebataken bilih tujuanipun Talqin inggih meniko kadamel mutus sedoyo barang kang sak lintunipun Gusti Alloh. Sebab sinten kemawon ingkang saget mutus meniko bakal nemu manisipun ngibadah dumateng Gusti Alloh.” Mekaten saking kawulo pribadi. Menawi pingin keterangan ingkang langkung gamblang, kawulo aturi ningali “Kitab Sirrul Asror” karanganipun Ratune Poro Waliyulloh inggih puniko Syaikh Abdul Qodir Al-Jailani.
Salajengipun perlu dipun mangertosi ugi bilih “Kitab Hakekatul Ma’arif” kang dipun susun dening Syaikh Muhammad Siroj Al-Arif Ibnu Syafii Sumbernongko Ngreco Kandat Kediri meniko kados kacatet ing sampul tertanggal  28 Februari 1971, soho tertanggal 13 Februari 1987, soho tertanggal 15 Bakdo Mulud 1391 Hijriyah. Kados kang katulis ing halaman terakhir bilih kitab meniko dipun salin dening Abdulloh Syahid Al-Faqir Sumbernongko Ngreco Kandat Kediri. Wallohua’lam Bishowab. Wal Afwu Mingkum.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar