KITAB
MAKRIFAT
RISALAH
TOYYIBAH
Mengku
Percikane Ngelmu Hakikat Lan Makrifat Saking Mbah Kyai Thojib Atmawidjaja Guru Tarekat
Kebatosan Lan Penggerak Pembangunan Pertanian Desa Sumberejo Lan Sak Kiwo
Tengene
Dr.
Arif Muzayin Shofwan, M.Pd.
Dikeluarkan
oleh:
MAJELIS
DISKUSI BALITARA
Blitar
Raya – Jawa Timur
|
Judul Buku:
“Kitab
Makrifat Risalah Toyyibah”
Penulis: Dr. Arif Muzayin Shofwan,
M.Pd.
Penyunting:
Doni Indradi
Tim Perumus
Balitara:
Mohammad
Aditya Saputra
Muhammad
Azis Anshori
Yuan Adi
Kusuma
Siti Nur
Azizah
Doni
Indradi
Dkk.
Cetakan Pertama, 2019
Untuk Kalangan Sendiri
Dikeluarkan oleh:
MAJELIS DISKUSI
BALITARA
Blitar Raya – Jawa Timur
MUKODDIMAH
Kabeh
puji amung kagungane Gusti Alloh. Shalawat lan salam mugo tetap kalimpahaken
marang Gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW, para sahabat-e, ahli bait-e lan kabeh
umat Islam. Amma Ba’du.
Kitab
iki ingsun jenengake “Kitab Makrifat
Risalah Toyyibah” kang mengku percikane ngelmu hakikat lan makrifat saking
Mbah Kyai Thojib Atmawidjaja inggih guru tarekat, kabatosan lan tokoh penggerak
pembangunan pertanian saking Desa Sumberejo lan sak kiwo tengene. Kitab iki asale
mung catetan saking salah siji muridipun kang kasimpen mawi foto copian wonten
dalemipun Mbah Haji Agung.
Harapan
kawulo, mugo-mugo catetan iku mau biso nggowo manfaat lan barokah tumprape
wongkang ngudi ilmu makrifat. Lan mugo-mugo kacatet dening Gusti Alloh dados
ilmu sing manfaat kang terus mili ganjarane ing dunyo lan akhirot.
Khodim
“Majelis Diskusi Balitara” Blitar Raya
Dr.
Arif Muzayin Shofwan, M.Pd
BAB I
PRIMBON, KEBATOSAN, LAN BEBUKO
PRIMBON (PRI-M-B-O-N)
Pri: Pribadi. M:
Manteb. B: Batin. O: Olah. N: Nunggal.
KEBATOSAN
Kebatosan adhedasar:
1.
Neng,
Ning, Awas, Eling
2.
Eling,
Percaya, Awas, Eling
3.
Rila,
Narimo, Temen, Sabar, Budi Luhur
Latihane:
1.
Konsentrasi:
ngumpulake pangroso poncodriyo
2.
Meditasi:
mawas jurusan siji (memandang satu jurusan)
3.
Semedi:
iku yen wis meruhi pemandangan luar dunia (alam ghaib)
BEBUKO
Bebuko iki diapalake
nganti apal banget nganti mbalung sungsum.
1.
Bismillahirrohmanirrohim.
Asyhadu alla ilaha illalloh, wa asyhadu anna Muhammad Rosululloh.
2.
Bismillahirrohmanirrohim.
Ingsun ameruhi syahadat panetep panoto gomo, jumeneng Roh Ilafi kang ono telenge
ati, kang dadi pancere Urip, kang dadi lajere Alloh. Madep mantep maring Alloh,
wayangane Muhammad sejatine menungso, slamet ndunyo, slamet akhirat. Ya Hu
Alloh 3x.
3.
Bismillahirrohmanirrohim.
Niat ingsun mlebu jagad. Sun lenggah ning tengahe jagad. Kinemulan sukmo.
Tinutupan Iman. Slamet 3x (...............), slamet kersane Alloh. (Katerangan:
diisi jenenge dewe).
4.
Bismillahirrohmanirrohim.
Mlebu Alloh. Metu yo Alloh. Mlebu Urip. Metu yo Urip. Mbiyen urip. Sak iki
Urip. Mbesok yo urip. Urip 3x (...............) urip kersane Alloh.
(Keterangan: diisi jenenge dewe).
5.
Bismillahirrohmanirrohim.
Sejatine ora ono opo-opo, awit duk maksih awang-uwung, durung ono sawiji-wiji,
kang ono dhingin iku: “Ingsun”.
v
BAB II
WEJANGAN
Bismillahirrohmanirrohim.
Ing sak derengipun wonten punopo-punopo, ingkang wonten rumiyin puniko: Alloh,
dumunung sak lebetipun: “Nukat Goib”. Ajejuluk “Kun”. Inggih puniko: Dzat Sejati.
Nukat
tegesipun: Wiji. Goib tegesipun: Samar. Dados Nukat Goib wau wiji ingkang
samar, sinebut: Nur Muhammad, inggih cahyo ingkang padang gumilang tanpo
wayangan, winastan: Sifat Sejati.
“Kun”
lajengipun “Fayakun”. “Kun” tegesipun Pangandiko. Alloh pangandiko sepisan
kangge selami nipun. Inggih puniko: Asmo
Sejati.
“Fayakun”
tegesipun dados gumelar selaminipun. Inggih puniko: Afngal Sejati.
Sedoyo
wau dados winihing dumadi, sinebut: Anasir
Sejati. Dados Alloh wau kagungan utawi dados anasir sekawan (4), inggih
puniko: Dzat, Sifat, Asmo, Afngal.
Wau puniko dados Abuning Roh, inggih Baboning Dumadi.
Nukat
Goib sareng ketaman pangandikaning Alloh lajeng geter. Gumetering nukat goib
lajeng ngawontenaken: Roh Ilafi.
Inggih meniko: Cahyo Mancur Mencorong.
Pepadhang
ingkang kaping kalih sinebut: Roh Sejati, dados wewayangane: Dzat Sejati. Roh Ilafi inggih gumeter.
Gumetere Roh Ilafi angawontenaken Cahyo
Monco Warni (5), inggih meniko: Ijem, Pethak, Jene, Abrit, Cemeng.
Cahyo
Monco Warni wau inggih tansah anggeter. Getering Cahyo Monco warni dados
saranduning Jasad Kasar-Alus awahono
dados Rogo kito puniko, satemah Rogo mobah-mosik, sarto asabowo: Muna-Muni. “Muna” tegese: ungeling
batos. “Muni” tegese: ungeling lesan.
KETERANGAN
Bismillahirrohmanirrohim.
“Nukat Goib”
1.
Naliko
iku banyune: Nur Buwat
2.
Ono
ing utek, banyune: Nur Suhud. Asmane: Lintang Johar.
3.
Ono
ing pok-ing Ilat, banyune: Nur Rahso. Asmane: Napsi.
4.
Ono
ing Ulo-ulo, banyune: Nur Cahyo. Asmane: Segoro Rante-Rante.
5.
Ono
ing Silit Kodhok, asmane: Sulbi. Iyo balung Ajibul Dambi.
6.
Ono
ing pok-ing Kalam, asmane: Riris-Tangis.
7.
Tumetes
dadi, kabuntel bungkus, asmane: Hyang Widdhi. Wujude: Hanineng, Haninong, Haninung.
Cahyo Monco Warni,
inggih cahyo maneko warno, inggih: Abrahmankata, sinebut: Moloikat Kamiderun
(Wonokirun). Getering Nukat Goib mahanani kraton tetelu: Ing Ngisor (Baitul Muqoddas), Ing Tengah (Baitul Muharrom), Ing Nduwur
(Baitul Makmur). Wiwit iku, anane: Napas,
Anpas, Tan napas, Nupus. Yoiku: Angin Kang Winadi. Angin mau tansah mubeng
soko Jagad: Ngisor, Tengah, Nduwur. Bebarengan ing mongso iku, anane: Suryo, Rembulan,
lan Lintang-Lintang. Sakrehne angin mau tansah mubeng bola-bali, yoiku “Nyokro Manggilingan” banjur mahanani:
1.
Suworo
gumrubug ing njero, aran: Rijalulloh.
2.
Gong
gedhe, unine: “Heeek” (Alloh karso ngendiko)
3.
Gong
cilik, unine: “Hek” (Alloh ngendiko sepisan)
4.
Unine
gudel: “Hek” (nampani pangandikane Alloh).
5.
Anjog
ing pasa utawa pasu (Pasopati).
6.
Angin
kang winadi: Nothok Ing Cethak (Lak-Lak-an), mahanani: suworo kang winadi,
diarani tangise bayi meneng, iyo: “Aji Kineng”
BAB III
PAUGERAN (UGER-UGERAN)
Bismillahirrohmanirrohim.
Bab sesembahan kang sejati. Utusane kang langgeng, kang nuntun poro kawulo
kabeh, iyo: Guru Sejati. Sesembahan
kang sejati iku: Pangeran, Gusti Alloh, Tuhan Yang Maha Esa. Cara Kristen: Sang
Romo. Iku sesembahan kang sak bener-benere awit kang murbo mesiso nguwasani
Urip. Utusane Pengiran kang langgeng tekane pati iku: Ingsun. Cara Islam: Nur
Muhammad, iyo Rosululloh. Cara Kristen: Kristus, kang sinebut putrane Alloh.
Pangeran
lan Ingsun jumeneng aneng telenge Urip. Kang nguripi Rohing Pangiran, iyo iku: Roh Suci, kang dadi jiwone poro
manungso kabeh, kang podho mengkoni jagade cilike dhewe-dhewe, kang Ingsun agem
kadhaton, ugo Dhodoning Pangeran. Iyo tetepe Urip mau tinemune panunggale: Tri Purusa (Pangeran, Ingsun, lan Roh
Suci). Iyo tetelune iku kahanan tunggal kang ora biso pinisahaken, lan jumeneng
urip langgeng.
Urip
iku sejatine siji. Pangeran iku Gusti Alloh. Ingsun iku Rosululloh. Pangeran
iku sesembahan kawulo kang sejati. Dene Ingsun iku utusane Pengiran lan dadi
panuntun sarto dadi gurune poro kawulo kabeh. Iyo Ingsun piyambak kang nuntun
poro kawulo kabeh. Sekabehe pangroso, iku pangrasane Pengiran. Iku ka’asto
dening Ingsun. Dene kawulo ono pangrasa ning Ingsun.
Ingkang
mahanani manteb pengandele poro kawulo, iyo Pengeran iki, yen wis urip aneng
bathine biso dadi tali kang kukuh, biso nggandeng antarane Kawulo lan Gusti,
lan biso dadi dalan miline doyo kekuwatane Pangeran, kang Ingsun lumantarake
tumeko telenge sanubarine Kawulo.
Senadyan
Pangeran lan Ingsun ugo wus nyonggo kahanan siro, nanging yen siro isih
kalimput katutup pepetenge donya, siro ora biso nampani miline doyo kekuatan
kang suci soko Pengiran mau. Amargo tansah katuntun dening angen-angen siro
kang tumuju marang kadonyan bae.
Katerangan
kasebut ing nduwur iku, kanggo madangi atine, supoyo Eling marang anteping
Tekad, kang wus dadi pangandele Jiwa-ne. Poro kawulo kang ora nduwe tali
panggandheng kang kukuh, iyo poro kawulo kang ora percoyo. Iku ora biso nampani
sih ing Pengiran lan kanugerahane. Paugeran (uger-uger) mau mengku telung (3)
perkoro, yoiku: Eling, Percoyo, Mituhu.
Disuceni kelakuane becik limang (5) perkoro, yoiku: Rilo, Narimo, Temen, Sabar, Budi Luhur. []
BAB IV
PANEMBAH
Poro
kawulo, sajrone siro isih tinitah urip aneng Donya, iku tetep dadi kawulone
Pengiran. Senadyan Pangeran lan Ingsun ugo wus dumunung aneng siro, nanging
sajrone siro isih tinitah aneng donya, siro dudu Pengiran, lan siro dudu
Ingsun. Kawulo kudu bekti marang Pengiran, lan percoyo menowo Pengiran iku mung
siji, yoiku: Gusti Alloh, Tuhan Yang Maha Esa, kang wajib dadi sesembahan.
Ingsun
iku utusane Pengiran kang nuntun poro kawulo kabeh. Poro kawulo kudu bekti
marang utusane Pengiran, yoiku: Ingsun,
kang langgeng lan ora wujud, ora warno, lan ora rupo, nanging nunggal kelawan
siro, lan nuntun siro marang dalan bener. Podo mituhu-o marang dawuhe Pengiran
kang lumantar utusane, yoiku: Ingsun,
kang dadi panuntun lan guru siro kang sejati.
Bekti
iku tetaline Eling, kang disantosakake sarono panembah, kang dadi tuntunane
mati, anggone nedyo bali marang Pengiran, sarana mertobat ing dosane, ora bakal
mbaleni tumindak dosa koyo kang wus kelakon, lan sedyo netepi mituhu. Amargo
mituhu iku kanggo kekuwatan anggone setyo tuhu marang Pengiran. Mituhu yoiku netepi
kabeh pepacuk wewaler kang didawuhake.
Nanging
yen ati siro isih tethukulane koyo dene alas kang isih rungkut kebak
bebandotan, rayud-rayudan, sunare rembulan ora biso madhangi siro. Mulane,
babadane kang kongsi resik, kang durung isi tulisan warno-warno, supoyo siro biso
sumurup padhang hawa, lan biso ambegan sarono napas Ingsun. Iyo kekuwatan
Ingsun kang biso njalari siro kuwoso nampani tumetese dawuhe Pengiran lumantar
Ingsun, kang nuduhake siro marang dalan bener, yoiku dalan kang anjog marang
pangayonane Pengiran.
Podo
reresiko sak durunge siro tumeko janji, supoyo biso nampani dawuh Ingsun ing
ati siro kang suci. Lan Ingsun biso nuntun ing siro marang asal kamulaniro kang
luhur, iyo ing ngalamiro kang sejati, iyo ing kedhatone Pengiran.
Senadyan
Ingsun wus nunggal kelawan siro, nanging siro durung biso weruh Ingsun, yen
tethukulan werno-werno kang ngribeti, metengi atiniro iku isih kok eman-eman,
njalari ilang pengandelmu. Sejatine Roh suciniro iku siswa Ingsun, kang Ingsun
agem lambaran medharake dhawuh pangandikan Ingsun, perlu kanggo mitulungi siro
kabeh, marang dalan bener.
Sajrone
siro isih tinitah urip aneng donya, siro wajib manembah marang Pengiran lan
Utusane, kang disantosakake sarono Panembah,
kanggo Taline Eling. Eling mau
simpenan ing telenge Ati. Percoyo dikukuhi sarono mituhu.
PENGILING-ILING
Disuceni
kelawan kelakuan becik limang (5) perkoro: Rilo,
Narimo, Temen, Sabar, Budi Luhur. Dene terange penjelasane koyo ing ngisor
iki:
1.
Meruwi
sejatine lan suwasanane paugeran (uger-uger) minongko dhedasare pengandel utowo
anteping tekad.
2.
Nindakake
bektine marang Pengiran lan Utusane, disentosani sarono manembah, minongko
tetalining Eling.
3.
Budi
darma, mbabarake sih katresnan marang sapadha-padhane tumitah, sarono menehi
kabecikan kanggo nulungi, manut kekuwatane kang mitulungi, perlu kanggo nglatih
kesuciane ati.
4.
Ngunjoro
howo lan nepsune, kang tumuju marang olo lan sapanunggalane, supoyo ora metengi
lakune anggone sinau sesuci lan nindakake wajib liyane.
5.
Budi
luhur, iku perlu banget kanggo syarat enggone nggayuh urip kang sejati.
Dene gegayuhane Urip
iku: “Kasunyatan” kang dumunung
aneng telenge Uripe poro kawulo sawiji-wiji, semono mau menowo kuwoso cukup
syarate.
PANUTUP
“Bismillahirrohmanirrohim.
Sejatine ora ono opo-opo, awit duk masih awang-uwung, durung ono sawiji-wiji,
kang ono dhingin iku: “Ingsun”.
v
BAB V
SEKAR MEGATRUH
Iki
tambahan kanggo nangi-nangi utowo nangek-ake (nenangi) nggugah penggalih kang
tumuju nggayuh marang kesucian.
Aywa
pegat ngujo ronging budi ayu
Margane
suka basuki
Dimen
luwar kang kinayun
Kalising
penggawe sisip
Ingkang
taberi prihatos
Ulatno kang nganti biso-o kepangguh
Nggeledhahi kang sayekti
Talitinen aywa kleru
Larasen sajroning ati
Den tumanggap dimen manggon
Pamanggone
aneng pangesthi rahayu
Angayomi
ing tyas ening
Eninge
ati kang suwung
Nanging
sejatine isi
Isine
cipta kang yektos
Lakonono kalawan sabaring kalbu
Lamun obah niniwasi
Kasusupan setan gundhul
Ambebidhung nggawa kanthi
Isine rupiyah katon
v
Tidak ada komentar:
Posting Komentar